Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Inti Atom

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gambaran sèmi-akurat saka atomhelium. Inti atom,proton digambaraké kanthi warnajambon lanneutronungu. Gambaran nyatané, inti atom uga wujudé bunder simètris.

Inti atom utawanukleus ya iku pusatéatom. Inti atom iku anaproton lanneutron. Akèhé proton sakjeroné inti atom karannomer atom, lan nemtokakéèlemèn saka atom.

Ciliké inti atom luwih cilik manèh tinimbang ukurané atom, inti atom iku saka proton lan neutron, ora anaèlèktroné.

Gunggungé netron ing inti atom iku nemtokakéisotop èlemèn mau. Gunggungé proton lan netron sakjeroné inti atom iku sesambungan; lumrahé ing gunggung kang padha, sakjeroné nukleus kang gedhé ana netron kang luwih. Sakloron iku gunggungé nemtokaké jinis nukleus. Proton lan netron duwémassa kang mèh padha, lan gunggungé saka sakloron massa mau dijenenginomer massa, lan aboté mèh padha karomassa atom (sabenisotop duwé massa kang unik/kusus). Massa saka èlèktron cilik banget lan ora nyumbang akèh kanggo massa atom.

Pangatonan nuklir

[besut |besut sumber]

Inti atom (DNA) iku ana proton lan neutron, neutron iku sing paling kenceng.Gaya èlèktromagnèt kang nyebabakaké kaya arus (momotan), nyegah proton mbentuk iketan tanpa neutron (gaya èlèktromagnètik mau bakal ngremukaké inti nuklir-iketan tanpa neutron). Nalika neutron lan proton ana ing let kang cedhak banget, ditahan déninggaya nuklir kang kuwat. Gaya nuklir kuwat iki luwih kuwat yèn dibandhingaké karogaya gravitasi utawa dibandhingaké karo gaya èlèktromagnèt, nanging gaya nuklir kang kuwat iki namung bisa ditemoni manawa leté cedhak banget (béda karo ukum gaya gravitasi lan èlèktromagnèt kang duwé jangkowan kang ora bisa diétung) ora bisa dirasakaké ing kauripan sadina-dinané.Hidrogen ya iku unsur kang ora duwé neutron sakjeroné inti; inti hidrogen mung 1 proton. Wujud stabil sakahelium, unsur paling ènthèng, duwé 2 proton lan 2 neutron. Gedhené unsur ènthèng stabil nalika duwé neutron lan proton kang gunggungé padha, nanging luwih abot utawa gedhené unsur, dhèwèké bakal mbutuhaké luwih akèh neutron supaya bisa tetep nggabung dadi siji.

Isotop

[besut |besut sumber]

Isotop atom ditemtokaké déning gunggungé neutron ing sakjeroné inti.Isotop kang béda saka unsur kang padha duwésipat kimia kang mèmper banget amargaréaksi kimia kabèhané gumantung karo gunggungé èlèktron kang diduwèni atom. Isotop-isotop saka sampel saka unsur tartemtu bisa dipisahaké migunakakésentrifugasi utawaspektometer massa. Cara pisanan kanggo mrodhuksiuranium kang disugihaké saka sampel uranium biyasa lan cara kang kaping loro digunakaké ing métodhepananggalan karbon (carbon dating).

Gunggungé proton lan netron nemtokaké tipe saka nukleus utawa inti atom. Proton lan neutron duwé massa kang padha, lan kombinasi gunggungé, massa, rata-rata = massa atomik saben atom. Kombinasi massa saka èlèktron cilik banget pabandhingané kaya massa nukleus, amarga aboté proton lan neutron nganti kaping 2000 massa èlèktron.

Uga delengen

[besut |besut sumber]
Partikel jroningfisika -Partikel komposit
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Inti_Atom&oldid=1427684"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2026 Movatter.jp