Stadhion Giuseppe Meazza Kandhang Inter Milan & AC Milan
Football Club Internazionale Milano S.p.A utawa luwih kaloka kanthi jenengInterMilan utawa jejuluk liyanéil Nerazurri (si biru ireng),il Biscone (si ula gedhé), lan ugaLa Beneamata (kang paling disayang) yaiku sawijining klub bal-balan utawasepakbolaItalia, kang main ingSeri A (divisi kapisan).
Klub iki diadhegaké ing9 Maret1908 sawisé pecahéKlub Kriket lan Sepak bola Milan (Milan Criket and Football Club), kang saiki luwih kaloka kanthi jenengAC Milan. Sawijining grup sing anggotané wong-wong Italia lan Switserlan ora pati seneng marang dominasi wong-wong Inggris & Italia ing AC Milan saéngga mutusaké misah saka AC Milan. Jeneng Internazionale dijupuk saka kepinginané para pendiri kanggo nggawé sawijining klub kang para pemainé akèh sing asalé saka nagara-nagara njaba.Klub iki dadi juara ing taun1910 lan kapidhoné ing taun1920. Sajeroning mangsa perang, klub iki dipeksa ngganti jenengé dadiAmbrosiana-Inter kanggo nyesuaiaké diri karo kepemimpinanBenito Mussolini. Sanajan mangkono, Inter isih tetep bisa menangaké trofi katelu ing taun 1930. Sakbanjuré, trofi kapapat dimenangké ing taun 1938. Inter, sapisanan menangké Copa Italia (Piala Italia) ing taun 1940 lan ing taun iku uga Inter menangaké trofi ka lima. Wiwit taun 1942 nganti sapréné, jenengAmbrosiana-Inter ora naté dianggo manèh lan Inter nganggo jeneng asliné yaikuInternazionale Milano.
Sawisé perang, Inter ngrengkuh gelar Seri A manèh ing taun 1953 lan kang kaping pitu ana ing taun 1954. Sawisé menang sawatara trofi iki, Inter wiwit lumebu ing mangsa keemasan kang ingaranGrande Inter. Sajeroning mangsa keemasan mau, Inter menangaké telu trofi ing taun 1963, 1965, lan 1966. Wektu-wektu iki, Inter uga misuwur amarga kemenangané ingPiala Éropa kaping pidho berturut-turut. Ing taun 1963, Inter menangaké trofi Piala Éropa sawisé ngalahaké klub kondhangReal Madrid. Mangsa sabanjuré, main ing kandangé, Inter menangaké trofi Piala Éropa kanggo kaping pindhoné kanthi ngalahaké klub sakaPortugal,Benfica.
Sawisé mangsa keemasan ing taun 1960, Inter kasil menangaké gelar ka sewelas ing taun 1971 lan ka rolas ing taun 1980. Ana ing taun 1970 lan 1980, Inter uga menangaké loro trofi Piala Italia ing taun 1978 lan 1982. Inter kasil ngrengkuh gelarscudetto kang kaping telulas ana ing taun 1989 lan mbutuhaké wektu sing suwé nganti 17 taun lagi bisa menang manèh ing taun 2006, nanging nganggo cara liya sing ora biyasa yaiku "Scudetto of Honesty" (juara saka kejujuran), amarga Inter ora salah sajeroning skandalcalciopoli kang nyeret sawatara klub gedhé Italia kang kabuktèkaké salah lan éntuk ganjaran penalti pengurangan poin uga pencopotan gelar juara sadurungé. Nembé taun 2007 Inter kasil dadi juara bertahan, sisan ngukir rekor kanthi 17 kamenangan beruntun ing kompetisi lokal.
Gelar iki ndadèkaké Inter ping 15 dadi juara peringkat ka telu sajeroning jumlah gelar sajeroning kompetisi Seri A. Ing peringkat ngisoréJuventus kaping 27 lanAC Milan kaping 17. Sanajan mangkono, Inter minangka siji-sijiné tim Seri A kang durung naté terdegradasi wiwit Seri A diguliraké, mulané iku sajeroning lagu kebangsaanéC'e solo l'Inter (mung ana Inter siji-sijiné) disebutaké yèn Inter duwé gèn Seri A lan ora tepung karo Seri liyané.
Internazionale uga menang ingPiala UEFA kaping telu. Pisanan ing mangsa 1990/1991 nglawanAS Roma/ ing mangsa 1993/1994, Inter ngrengkuh gelar Piala UEFA kanthi ngalahaké klubOstenrikCasino Salzburg. Ing kamenangan PialaUEFA kang kaping telu, Inter ngalahakéSS Lazio ingParc des Princes,Paris.
Stadion tim Inter wektu iki yaikuStadion Giuseppe Meazza kang kapasitasé 85.000 pemirsa. Stadion iki uga kaloka kanthi jenengSan Siro. Stadion iki dibukak kanthi Tetandhingan Derby antara AC.Milan nglawan Inter, kang dimenangaké déning Inter kanthi skor 6 - 3. Stadion iki digunakaké bebarengan karoAC Milan ("AC Milan"), klub gedhé liyané ing Milan. Suporter AC Milan nggunakaké "San Siro" kanggo nyebut stadion iku amarga mbiyènéGiuseppe Meazza sawijining juru main bintang Inter lan ora pati seneng siji lan sijiné. Sadurungé Stadio Giuseppe Meazza, Inter nggunakakéStadio Arena.
Inter dadi siji-sijiné klub ingSeri A kang ora tau mudhun kaSeri B, déné klubJuventus tau mudhun ka Seri B ing mangsa 2006/2007 amarga terkait kasusCalciopoli utawa pengaturan skor tetandhingan.tu ma lercia