| Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Sajeroné ngèlmukosmologi fisik,inflasi kosmik utawainflasi ya iku pangembanganeksponensialalam semesta anyar ning faktor 1078 kanggo volume, amarga ana dorongan kepadetanènergi vakum kang tekananné négatif.[1]
Periode inflasioner kaping pisanan ya ikuperiode elektrolemah sawiséperiode penyatuan agung. Periode iki kelakon awit 10−36 detik sawiséLedakan Dahsyat nganti 10−33 dan 10−32 detik. Sawisé periode inflasioner, alam semesta terus ngembang, nanging karo laju kang luwih lendhet.
Istilah "inflasi" iku uga duwé pangerten manawa hipotesis inflasi uga tau kedadian. Hipotesis iki pisanan diusulaké ning taun 1980 déning fisikawan Amérikah SarékatAlan Guth.[2] Téyori iki uga diusulaké déning Katsuhiko Sato ning taun 1981.[3]
Téyori inflasi njawab masalah lawas ning ngèlmu kosmologiLedakan Dahsyat: keningapa alam dunya katon jembar lan datar, seragam, lanisotropik, nanging manawa dititeni saka ngèlmu fisika Ledakan Dahsyat, alam semesta kuduné bundher lan macm-macem, Inflasi uga njlèntrèhaké asal usul struktur kosmos kang gedhé.
Nanging mekanismefisika partikel kang nyebabkaké kedadian inflasi durung dingerteni, gambaran dhasar kang nggambaraké prediksi-prediksi kang wis dipastikaké liwat pangamatan. Mula, inflasi saiki dianggap dadi péranganing kosmologiLedakan Dahsyat. Partikel utawa medan dhasar kang dinuga njalari inflasi bisa kedadian karaninflaton.
- ↑Liddle and Lyth (2000) and Mukhanov (2005) are recent cosmology text books with extensive discussions of inflation. Kolb and Turner (1988) and Linde (1990) miss some recent developments, but are still widely used. Peebles (1993) provides a technical discussion with historical context. Recent review articles are Lyth and Riotto (1999) and Linde (2012). Guth (1997) and Hawking (1998) give popular introductions to inflation with historical remarks.
- ↑Chapter 17 of Peebles (1993).
- ↑Sato, K. (1981). "First-order phase transition of a vacuum and the expansion of the Universe".Monthly Notices of Royal Astronomical Society.195: 467.Bibcode:1981MNRAS.195..467S.