Indhonésia dumadi saka atusangolongan ètnis lanlinguistik asli. Golongan ètnis gedhé dhéwé – lan dominan ing pulitik – yaikuJawa.Idèntitas nasional wis dikembangaké, dikukuhaké déningbasa nasional, karagaman etnik, pluralisme agama ing populasi mayoritas Muslim, lan sajarah kolonial lan kraman marang iku. Sesanti nasional Indhonésia,"Bhinneka Tunggal Ika" ("séjé-séjé nanging ajeg manunggal"), nuduhaké karagaman kang nagara. Sanajan populasi gedhé lan tlatah padhet kang ndunungi, Indhonésia duwé tlatah jembar ara-ara samun kang njurungkaragaman hayati tingkat paling dhuwur kaping pindho ing donya. Indhonésia duwé sumber daya alam kalubèran kayalenga langas bumi,timah,tembaga lanemas. Pertanian mligi mrodhuksiberas,tèh,kopi,bumbon crakèn lankarèt. Partner dagang utama Indhonésia yaikuJepang,Amérika Sarékat lan nagara tanggaSingapura,Malaysia lanAustralia.
JenengIndhonésia asalé saka pertalan Yunani sakaKali Sindu lan tembungnèsos, tegesé "pulo Indhiya".[14] Jeneng kuwi wis ana ing abad kaping 18, adoh sadurungé Indhonésia mardika.[15] Ing taun 1850,George Windsor Earl, sawijiningétnolog Inggris, ngajokaké istilahIndunesians—lan, pilihané,Malayunesians—kanggo kang ndunungi "Kapuloan Indhiya utawa Kapuloan Malayu".[16] Ing publikasi kang padha, muridé Earl,James Richardson Logan, nggunakakéIndhonésia minangka sinonim kanggoKapuloan Indhiya.[17][18] Nanging, akadhemisi Walanda nulis ing publikasi Indhiya Wétan padha wegah nggunakakéIndhonésia. Nanging, padha nggunakaké istilahKapuloan Malayu (Maleische Archipel);Indhiya Nèderlan (Nederlandsch Oost Indië), luwih kondhangIndië;Wétan (de Oost); lanInsulinde.[19]
Sawisé 1900, jenengIndhonésia dadi luwih umum ing lingkungan akademik njaba Nèderlan, lan golongan nasionalis Indhonésia migunakaké kuwi kanggo èksprèsi pulitik.[19]Adolf Bastian, saka Universitas Berlin, mopulèrke jeneng kuwi liwat bukunéIndonesien oder die Inseln des Malayischen Archipels, 1884–1894. Pelajar Indhonésia kang pisanan nggunakaké jeneng iki yaikuSuwardi Suryaningrat (Ki Hajar Dewantara), nalika ngedegaké kantor berita ing Nèderlan kang jenengéIndonesisch Pers-bureau ing 1913.[15]
Ing samadyaning prabawa agamaHindhu lanBuda, sawatarakaraton ngadeg ing puloSumatra lanJawa wiwitabad kaping 7 ngantiabad kaping 14. Tekaning pedagang-pedagang Arab saka Gujarat,India sabanjuré nepungaké agamaIslam kang pungkasané dadi agama gedhé dhéwé ing Indhonésia.
Wong-wong Éropa teka ing pawitaning abad kaping 16 lan nalika iku nemu nagara-nagara cilik. Nagara-nagara iku banjur kanthi gampang dikuwasani supaya sabanjuré uga bisa nguwasani dol-tinuku bumbon crakèn ing tlatah kono.
Ing abad kaping 17, nagaraWalanda kang nalika iku minangka nagara paling kuwat ing tlatah Éropa, nelukaké nagaraInggris (British) lanPortugis (kajaba tlatah jajahanPortugis ing Timor Wétan). BangsaWalanda njajah Indhonésia nganti mangsanéPerang Donya Kapindho. WiwitanéWalanda ngadegakéSyarikat Hindia Wétan Londho, yaiku armada niyaga bumbon crakèn duwèké pamaréntahkarajan Walanda, lan sabanjuré ing wiwitaning abad kaping 19 kanthi kekuwatan prajurité wiwit blak-blakan njajah tlatah Indhonésia.
Ing Maret 1945, pihak Jepang nggawé sawijining kumite kanggo mardikaké Indonésiya, sabubaréPerang Pasifik rampung ing taun iku. Kaanan iki kasurung déning organisasi para mudha, golongan pimpinan Soekarno nyoba supaya Indhonésia bisa mardika.
Ing madya liya, Walanda ngirimaké prajurit kanggo ngrebut manèh Indhonésia.
Samubarang pratingkah kebak getih kanggo nanggulangi para pejuwang kanggo mardika mau banjur kondhang kanthi sebutan 'tumindak pulisi' (Actie Politioneel). Pungkasané, Walanda gelem nampa hak bangsa Indhonésia kanggo mardika ing27 Dhésèmber1949 sawisé kasurung-surung bangsa-bangsa liya, mligiAmérika Sarékat. Soekarno dadiprésidhèn pisanan Indhonésia kanthi Mohammad Hatta dadi wakil présidhèn.
Ing warsa1950-an lan1960-an, pamarintah Soekarno wiwit mangayubagya blok sosialis, kaya taRépublik Rakyat Cina lanYugoslawiya. Ing taun1960-an uga kedadèn konfrontasi adu tiyasa karo nagara tangga,Malaysia, lan nggresulané para kawula amarga urip kecingkrangan tambah ndadra.
JendralSuharto dadi présidhèn ing taun1967 kanthi alesan ngamanaké nagara saka ancemankuminisme tumrap Soekarno kang nalika iku sansaya tanpa daya. Sawisé Soeharto nyekel kuwasa,PKI dibubaraké lan warga Indhonésia kang dikira cawé-cawé lan mèlu kuminis akèh kang mati. Ing 32 taun papréntahan Soeharto iku mauOrde Baru, kanggo mbèdakaké karo jaman Soekarno kang mauOrde Lama.
Suharto kasil nyedhakaké manèh Indonesiya marang nagara-nagara manca-lan kasil nuwuhaké ékonomi kang manjila, ora kétang ora warata. Ing wiwitan Orde Baru, strategi ékonomi nagara digawé déning sapérangan ahli ékonomi lulusan fakultas ékonomiUniversity of California at Berkeley, kang diwènèhi gelar "golongan Berkeley". Nanging, Soeharto lan sakancané bisa dilèngsèraké sawisé unjuk rasa kang sumrambah ing sadhéngah papan. Tambah manèh, nagara lagi keblandhang utang amarga krisis. Soeharto mudhun ing taun1998.
Indhonésia saiki nggémbol prakara akèh, wiwit saka dhuwit, pulitik, agama, lan rasa guyub. Acèh lan Papua nyoba luwar saka Nagara Kesatuan Républik Indhonésia.Timor Wétan malah wis ngumandhangkékamardikané ing taun 2002 sawisé 24 taun dikuwasani Indhonésia lan 3 taun ing panggulawenthahéPBB. Masalah paling anyar kang katimpa nagara iki yaiku anané samubarang karusakan jalaran alam.
Indhonésia iku salah siji saka negara ing donya kang nganggo sistem dhémokrasi kanthi pas lan bener ing papréntahané, wujud nagararépublikprésidhènsial multiparté kang dhémokratis. Kayadéné ing nagara-nagara dhémokrasi liyané, sistem pulitik kang didhasaraké marang Trias Pulitika yaiku pamisahan kakuwasan lègislatif, èksekutif lan yudhikatif. Kakuwasan lègislatif dicekel déning sawijining lembaga kang jenengé Majelis Permusyawatan Rakyat (MPR) kang dumadi saka rong badan yaiku DPR kang anggota-anggotané wujud wakil-wakil Parté Pulitik lan DPD kang anggota-anggotané makili provinsi. Saben laladan diwakili déning 4 wakil kang dipilih langsung déning rakyat ing laladané dhéwé-dhéwé.
Majelis Permusyawaratan Rakyat (MPR) iku lembaga paling dhuwur nagara. Nanging sawisé amandemèn angka 4, MPR dudu lembaga paling dhuwur manèh. Kaanggotaan MPR owah sawisé Amandeman UUD 1945 ing pèriode1999-2004. Kabèh anggota MPR iku anggota DPR, ditambah anggotaDPD (Dewan Perwakilan Laladan).[20] Anggota DPR lan DPD dipilih liwat pemilu lan dilantik kanthi mangsa kalungguhan limang taun. Wiwit2004, MPR iku parlemèn sistem rong kamar (bikameral), sawisé kacipta DPD minangka kamar kaloro. Sadurungé, anggota MPR iku kabèh anggota DPR ditambah Utusan Golongan. MPR wektu iki dipangajengiHidayat Nur Wahid. Anggota MPR wektu iki ana 550 anggota DPR lan 128 anggota DPD. DPR wektu iki dipangajengiAgung Laksono, déné DPD dipangajengiGinandjar Kartasasmita.
Lembaga èksekutif punjeré dumunung ana ing présidhèn, wakil présidhèn, lan kabinèt. Kabinèt ing wujud Kabinet Presidensiil saéngga para nayaka tanggung jawab marang présidhèn lan ora makili parté pulitik kang ana ing parlemèn. Sanajan mangkono, Présidhèn wektu iki yaikuSusilo Bambang Yudhoyono kang diusung déning Parté Dhémokrat uga nunjuk sawatara pamimpin Parté Pulitik supaya lungguh ing kabinèté. Tujuané kanggo njaga stabilitas papréntahan ngèlingi kuwaté posisi lembaga lègislatif. Nanging pos-pos wigati lan strategis lumrahé diisi déning nayaka asal saka wong kang dianggep ahli sajeroning bidhangé.
Lembaga Yudikatif wiwit mangsa réformasi lan anané amandemènUUD 1945 diayahi déningMahkamah Agung,Komisi Yudisial, lanMahkamah Konstitusi, kalebu pangaturan administrasi para hakim. Sanajan mangkono Nayaka Hukum lan Hak Manungsa tetep ana ing kabinèt.
Indhonésia iku nagara paling jembar ingAsia Kidul-Wétan kang ketata sajeroning provinsi-provinsi, wektu iki dumadi saka 34provinsi, lima ing antarané wujud laladan istiméwa. Saben provinsi duwé badan legislatur lan gubernur. Provinsi dipérang dadikabupatèn lankutha, kang dipérang manèh dadikacamatan lan manèh dadikalurahan landésa.
ProvinsiAcèh,Langsa,DKI Jakarta,D.I. Yogyakarta,Papua, lanPapua Kulon duwé hak istiméwa legislatur kang luwiih gedhé lan tingkat otonomi kang luwih dhuwur saka papréntahan punjer tinimbang provinsi liyané. Contoné, papréntahan Nanggroe Acèh Darussalam duwé hak kanggo minangka sistem kukum dhéwé; ing taun 2003, Acèh wiwit ngukuhaké kukumSyariah.[21] Yogyakarta olèh status Laladan Khusus minangka pengakon marang peran wigati Yogyakarta sajeroning njurung sajeroning Revolusi.[22]Provinsi Papua, nalika semana mau Irian Jaya, éntuk status otonomi mirunggan taun 2001.[23] Jakarta minangka laladan mirunggan kutha krajan nagara.Timor Portugis didadèkaké provinsiTimor Wétan sasuwéné 1976–1999, kang sabanjuré misah minangka rèferèndum dadi NagaraTimor Leste.[24]
Indhonésia yaiku negara kapuloan paling jembar ing donya. Gunggunge/jumlahe pulo ing Indonesia ya sing gedhe apadene sing cilik nganti 17.508 pulo. Pulo-pulo kasebut sinebar ing wewengkon Indonesia kang nduweni jembar wewengkon 5.180.053 Km² kang kalebu saka jembare dharatan 1.922.570 km² lan jembare banyu laut 3.257.483 km².
Adhedhasar astronomi, negara Indonesia dumunung watara 6°LU-11°LS lan watara 95° BT-141°BT. Wewengkon Indonesia paling lor yaikuPulo Weh kang dumunung ing 6°LU lan wewengkon paling kidul yaikuPulo Rote,Nusa Tenggara Wétan kang dumunung ing 11°LS. Wewengkon Indonesia paling kulon yaiku Pulo Weh kang dumunung ing 95°BT, dene wewengkon Indonesia paling wetan yaiku kuthaMerauke kang dumunung ing bujur 141°BT. Indonesia nduweni dawa bujure 460 lan jembar lintang 170.
Indonesia iklime tropis amarga dumunung ing antarane 2 garis balik (23 1/2°LU-23 1/2° LS). Iklim tropis mawa ciri yaiku udane dhuwur lan panas saben taun.
Ing pungkasan taun 1990-anÉkonomi Indhonésia ngalami kamunduran amargakrisis ékonomi kang ngenani sapérangan gedhéAsia wektu iku nanging Ékonomi Indhonésia saiki wiwit stabil manèh.
Indhonésia nduwé sumberdaya alam kang gedhé ing sanjabaning Jawa, antaranélenga mentah,gas bumi,timah,tembaga lanemas. Indhonésia iku eksportir gas bumi gedhé dhéwé nomer loro ingdonya, ning akir-akir iki wiwit dadi importir lenga mentah. Kasil tetanèn kang utama antaranéberas,tèh,kopi, bumbon crakèn lan jangananlobak.
Indhonésia nduwé akèh sumberdaya alam lan kang ndunungi, nanging isih ngadhepi masalah kamiskinan kang sapérangan gedhéné disebabaké korupsi mligi ing papréntahan.
Gunggunge/jumlahe para pedunung ing Indhonesia ing taun 2015 yaiku 255,7 yuta jiwa. Ing taun 2015 iki, kira-kira tingkat padete nganti 475 jiwa/km² kanthi tingkat tuwuh 1,36% saben taun. Pemudhunan iki ana gandhengane saka sukseseKB (Program Keluarga Berencana) kang dianakake pamrentah.
Akeh-akehe, para kawula ing Indhonesia dumunung ingPulo Jawa, disusulSumatra,Sulawesi, lanKalimantan. Meh ing saben pulo ditemokake wong-wong turunan Jawa. Sabanjure yaikusuku Sundha (8%),suku Madura (7%), lan turahane suku bangsa liya.
Ing interaksi, para kawula Indhonesia migunakakeBasa Indonésia kang asale sakaBasa Malayu minangka basa resmi. Dene basa sedina-dina saben suku bangsa migunakake basa sukune dhewe-dhewe (basa ibu). Akeh-akehe para kawula Indhonesia ngrasuk agamaIslam, yaiku 88% saka cacahe para pedunung.
Jinising kasenian ing Indhonésia akèh diprabawai karo sawatara kabudayan. JogèdJawa lanBali iku kang kondhang, contoné, akèh olèh pangaribawa saka kabudayanHindhu. Akèh candhi-candhi kang kawangun kaya ing tanah Indhia. Déné pagelaranwayang lanbathik uga kawentar ing donya. Akèhing bebrayan lan agama agawé regeng kabudayan Indhonésia.
Kasil Alam
Karèt
Karèt naté kondhang kanthi sebutan ‘enam ireng’ lan iku bebathi nguntungaké devisa ing jaman mbiyèn. Ing donya, saiki Indhonésia ngancik trap angka loro sawiséMalaysia ing babagan karèt. Nagara-nagara kang ngasilaké karèt liyané yaikuThailand,India,Sri Lanka,Nigeria,Liberia,Zaire,Brazil lanFilipina.
Klapa Sawit
Kebonan klapa sawit sansaya jembar. Kasilé kaolah dadi lenga lan inti sawit. kasilé iki dièkspor menyang njaba nagara lan uga kanggo kabutuhané wong-wong Indhonésia dhéwé.
Tembako
Aréal tembako (mbako) ing taun1979 kira-kira ambané 198.000 Ha. Ing antarané saka angka iku yaiku 183.000 Ha kaselenggarakaké déning rakyat, 2000 Ha diurusi cukong-cukong gedhé, lan 13.000 Ha didarbèni pamarintah (PTPN).
Emas lan Pérak
Emas lan pérak digulawentah déning PT Aneka Tambang ing Banten Kidul, karo Freeport Indhonésia lan wiji tembaga ingPapua. Kanthi prasaja, rakyat uga mèlu ngolah emas lan pérak kanthi cilik-cilikan.
Aspal Alam
Panambangan aspal kagiyaraké ingSulawesi Kidul-Wétan, Sakabèhé 19 lapangan gedhé lan cilik, lima ing antarané kaanggep becik. Yèn dikira sakabèhé, kira-kira 28,5 yuta ton.
↑"The Naming Procedures of Indonesia's Islands",Tenth United Nations Conference on the Standardization of Geographical Names, New York, 31 July – 9 August 2012, United Nations Economic and Social Council
↑Tomascik, T; Mah, JA; Nontji, A; Moosa, MK (1996).The Ecology of the Indonesian Seas – Part One. Hong Kong: Periplus Editions.ISBN962-593-078-7.
↑abAnshory, Irfan (16 Agustus 2004)."Asal-usul Nama Indonesia" (ing basa Indonesia). Pikiran Rakyat. Diarsip sakasing asli ing 15 Dhésèmber 2006. Dibukak ing5 Oktober 2006.
↑Earl, George SW (1850). "On The Leading Characteristics of the Papuan, Australian and Malay-Polynesian Nations".Journal of the Indian Archipelago and Eastern Asia (JIAEA): 119.
↑Logan, James Richardson (1850). "The Ethnology of the Indian Archipelago: Embracing Enquiries into the Continental Relations of the Indo-Pacific Islanders".Journal of the Indian Archipelago and Eastern Asia (JIAEA): 4:252–347.
↑Earl, George SW (1850). "On The Leading Characteristics of the Papuan, Australian and Malay-Polynesian Nations".Journal of the Indian Archipelago and Eastern Asia (JIAEA): 254, 277–8.
↑abJustus M van der Kroef (1951). "The Term Indonesia: Its Origin and Usage".Journal of the American Oriental Society.71 (3): 166–71.doi:10.2307/595186.JSTOR595186.