Piyambakipun miyos rikala tanggal24Dhésèmber1961 wonten ingBaku ing sadengahing kulawarga ingkang gadhah keistimewaan gesang. Periode1967-1977, piyambakipun pikantuk pendidikan sekolah lan mlebetUniversitas Negeri Moskow wonten ing Hubungan Internasional (MSUIR) rikala taun1977. Sasampunipun lulus rikala taun1982, piyambakipun nglajengaken pendidikan pasca-sarjananipun wonten ing MSUIR lan mucal ing mrika sadangunipun 5 taun. Piyambakipun mungkasaken risètipun lan pikantuk gelar Ph.D. wonten ing ngèlmu pulitik lan sajarah wonten ing1985.[3]
Periode1985-1990, piyambakipun dados lektor Universitas Nagara Moskwa ing babagan Hubungan Internasional lan mimpin kelompok parusahan swasta indhustri-perdagangan ing periode1991-1994. Taun1991, piyambakipun nilaraken profesi mucal. Miturut biografinipun, piyambakipun kagayut pawiyatan bisnis wonten ing Moskwa lanIstanbul. Boten kathah ingkang dipunmangertosi babagan pawiyatan bisnisipun, nanging wonten ing periode punika piyambakipun dipunkenal minangka satunggaling "playboy". Isu-isu ingkang sumebar, piyambakipun asring ngunjungi kasino lan asring kagayut kaliyan utang ingkang ageng wonten ing judi, nanging slamet amargi kakuwasan bapakipun. Sikap lan karakteripun saèstu bènten kaliyan bapakipun.
Taun1994, piyambakipun wiwit èwah lan dipunangkat minangka Wakil Présidhèn lajeng dados wakil pimpinan kapisanan Parusahan Minyak Nagara Républik Azerbaijan (SOCAR) wonten ing periode1994-2003. Kanthi aktif piyambakipun kagayut wonten ing palaksanan "strategi lenga Heydar Aliyev". Kaping kalih kapilih wonten ing Milli Majelis (Parlemen) rikala taun1995 lan2000.
Wiwit taun1997, piyambakipun minangka pamimpin Komite Olimpiade Nasional Azerbaijan minangka sumbangan agengipun wonten ing pangembangan ulah raga lan olimpiade, saéngga piyambakipun patut pikantuk bebungah medali paling inggil saking Komite Olimpiade Internasional. amargi kasarasan PrésidhènHeydar Aliyev (bapakipun) samsaya mandhap, lajeng piyambakipun ngrantam penciptaan sawijining dinasti pulitik. Ilham lajeng èwah dados politisi éwadéné kathah tiyang ingkang boten pitados.
Poster-poster tunggal bapakipun kagantos kaliyan poster ingkang nedahaken pasuryan bapak lan putra wonten ing kutha-kutha lan désa-désa. Wonten ing pertarungan posisinipun minnagka politisi, piyambakipun ndhèrèk kampanye babagan pamilihan anggota parlemen taun1999. Piyambakipun gagal nedahaken kamampuanipun.Parté Azerbaijan Baru (Yeni Azərbaycan Partiyası/YAP) menang kanthi gampil, nanging punika minangka akibat pangètangan swanten ingkang dipunrekayasa.
Piyambakipun lajeng kapilih minangka Wakil Ketua Parté Azerbaijan Baru ingkang saweg kuwasa. Piyambakipun makili bapakipun wonten ing saben pepanggihan kaliyan pejabat asing ingkang rawuh lan mbikak pusat ulah raga kaliber olimpiade ènggal wonten ingAzerbaijan kanggé nyengkuyung posisinipun minangka pulitikus.
Taun1999, piyambakipun dipunangkat minangka deputi lan deputi pisanan parté ingkang kuwasa Parté Azerbaijan Baru rikala taun2001. Periode2001-2003, piyambakipun njabat minangka ketua wakil parlemen Azerbaijan wonten ing Majelis Parlemen Dewan Éropah (PACE) lan dipunangkat minangka Ketua Deputi Majelis Parlemen Dewan Éropah lan anggota kantor PACE rikalaJanuari2003. Taun2003 mau, piyambakipun mandhegaken kegiyatanipun minangka anggota parlemen amargi dipunangkat minangka Mahamantri tanggal4Agustus2003.