Ilat iku kumpulanotot rangka ing pérangan dhasartutuk kang bisa mbantu pancernaanpanganan kanggo mamah lan ngulu. Ilat minangka indera pangecap kang duwé strukturtunas pangecap. Ilat uga mèlu mbantu kanggo wicara.
Struktur liya kang magepokan karo ilat kerep karanlingual, sakabasa Latinlingua utawaglossal sakabasa Yunani, γλωσσα.
Sapérangan gedhé, ilat kasusun saka otot rangka kang nèmpèl ingbalung hyoideus,balung rahang ngisor lanprocessus styloideus ingbalung pilingan. Ana rong jinisotot ing ilat yakuwi otot ekstrinsik lan intrinsik.
Ilat duwé lumah kang kasar amarga anané tonjolan kang diarani papila. Ana telung jinis papila yaiku:
- papila filiformis (fili=benang); awangun kaya benang alus;
- papila sirkumvalata (sirkum=bumder); awangun bunder, kasusun kaya aksara V ing samburiné ilat;
- papila fungiformis (fungi=jamur); awangun kayajamur.
Ana siji jinis papila kang ora ana ing manungsa, yakuwi papila folliata kang ana ing ilatkéwan pangerat.
Tunas pangecap iku pérangan pangecap kang ana ing pinggir papila, dumadi saka rong sèl yaiku sèl penyokong lan sèl pangecap. Sèl pangecap duwé fungsi minangka reseptor, déné sèl penyokong duwé fungsi kanggo nopang.
Titik-titik utawa pérangan putih ing ilat bisa dadi tandha-tandha sawatara kondhisi medhis: