Ikizukuri punika ugi dipunsebatikezukuri punika satunggaling dhaharansashimi ingkang khas saking nagariJepang. Dhaharan punika awujud iwak utawi ulam ingkang tasih seger ingkang tasih urip. Wonten ing saknjawinipun masyarakat Jepang, dhaharan ikizukuri punika kalebet dhaharan ingkang boten limrah. Wondene masyarakat Jepang punika gadhah pamanggih bilih ikizukuri punika satunggaling prangan saking warisan budaya. Dhahar ulam ingkang tasih urip lan seger punika kalebet satunggaling pengalaman ingkang narik kawigaten. Langkung saking punika, ikizukuri punika kalebet dhaharan ingkang gadhah kualitas ingkang inggil. Namung restoran tinamtu ingkang nyawisaken dhaharan ikizukuri. Bab punika amargi kanggé nyawisaken ikizukuri punika mbetahaken satunggaling juru masak (koki) ingkang saestu trampil, winasis lan gadhah pengalaman.