Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Ignatius Suharyo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Mgr.Dr.
Ignatius Suharyo Hardjoatmodjo
Biskop Agung Jakarta
Kauskupan agungJakarta
ProvinsiJakarta
MétropolisJakarta
Didhapuk28 Juni2010
(&&&&&&&&&&&&&014.&&&&&014 taun,&&&&&&&&&&&&0312.&&&&&0312 dina)
Dilantik29 Juni2010
SadurungéJulius Darmaatmadja,S.J.
Jabatan liyane
Ordo
Penobatan26 Januari1976
(&&&&&&&&&&&&&049.&&&&&049 taun,&&&&&&&&&&&&0100.&&&&&0100 dina)
Penahbisan22 Agustus1997
(&&&&&&&&&&&&&027.&&&&&027 taun,&&&&&&&&&&&&0257.&&&&&0257 dina)
dening Julius Darmaatmadja,S.J.
Detil pribadhi
Jeneng lairIgnatius Suharyo Hardjoatmodjo
Lair (1950-07-09)Juli 9, 1950 (umur 74)
Sedayu,Bantul,Yogyakarta,Indonesia
Kabangsan Indonesia
DenominasiKatolik Roma
SinggasanaKompleks Gereja Katedral Jakarta
Wong tuwaFlorentinus Amir Hardjodisastra (ayah)
Theodora Murni Hardjadisastra (ibu)
Jabatan sadurunge
  • Administrator ApostolikBandung (2010-2014)
  • Wakil Ketua I Konferensi Waligereja Indonesia
SesantiServiens Domino Cum Omni Humilitate (
Prajanjian Lawas
Deuterokanonika
Prajanjian Anyar
Artikel kagandhèng
)
(Aku Melayani Tuhan dengan Segala Rendah Hati)
Lambang{{{coat_of_arms_alt}}}

Prof. Mgr. Dr. Kardinal Ignatius Suharyo Hardjoatmodjo (lair ingSedayu,Bantul,Yogyakarta,Indonesia,9 Juli1950; umur 74 taun) nggih punikaUskup Agung Jakarta awit surya29 Juni2010, nggantos KardinalJulius Darmaatmadja,S.J.. Sadèrèngipun nyepeng jabatan punika, Mgr. Suharyo kahdapuk dados Biskop Agung Koajutor Jakarta lan Uskup Agung Semarang.[1] Wekdal punika, piyambakipun ugi dados BiskopOrdinariat Militer Indonesia.[2]

Wiwit surya 15 November 2012, Suharyo kapilih minangka PangagengKonferensi Waligereja Indonesia, nggantos Mgr.Martinus Dogma Situmorang,OFM.Cap.

Latar wingking

[besut |besut sumber]

Mgr. Suharyo lair ingSedayu,Bantul,Yogyakarta,Indonesia surya7 Juli 1950 saking Florentinus Amir Hardjodisastra, pegawé ing Dinas PengairanDaerah Istimewa Yogyakarta lan Theodora Murni Hardjadisastra minangka putra kaping pitu saking sedasa putra. Kangmasipun, RP. Suitbertus Ari SunardiOCSO, nggih punikarahibimam diPertapaan Santa Maria Rawaseneng diKabupaten Temanggung,Jawa Tengah. Sawetawis sedhèrèk sanèsipun dadosbiarawati, nggih punika Suster Christina Sri Murni,FMM lan Suster Maria Magdalena Marganingsih,PMY.

Pawiyatan

[besut |besut sumber]

Mgr. Suharyo wiwitanipun sekolah wonten SD Kanisius, Gubuk, Sedayu, lan ing kelas IV ngalih wonten SD Tarakanita, Bumijo, Yogyakarta. Lajeng piyambakipun nerusaken pawiyatan wonten Seminari Kecil Mertoyudan,Kabupaten Magelang,Jawa Tengah taun1961. Mgr. Suharyo nglampahi sekolah menegah atas ing Seminari Menengah Mertoyudan, lulus taun1968. Piyambakipun nglajengaken wontenIKIP Sanata Dharma,Yogyakarta, lan taun 1971 nampi gelar Sarjana Muda bidang Filsafat/Teologi, sarta taun 1976 pikantuk gelar Sarjana Filsafat/Teologi. KardinalJustinus Darmojuwono lajeng maringi tugas pawiyatan wontenRoma,Italia. Piyambakipun ngrampungaken pawiyatan Doktoral Teologi Bibilis ing Universitas Urbaniana,Roma,Italia taun1981.

Karier

[besut |besut sumber]

Mgr. Suharyo dipuntahbisaken minangkaImam ing surya26 Januari1976 déning KardinalJustinus Darmojuwono wonten ing KapelSeminari Tinggi Santo Paulus, Kentungan,Kabupaten Sleman, Yogyakarta, sesarengan kaliyan RD Yohanes Bardiyanto.

Sasampunipun wangsul sakingRoma,Italia, Mgr. Suharyo dados dhosen wontenSekolah Tinggi Filsafat Kateketik Pradnyawidya,Yogyakarta awit taun1981dumugi1991. Ing taun1983 dumugi1993, piyambakipun nyepeng jabatan minangka Ketua Jurusan Filsafat lan Sosiologi ingIKIP Sanata Dharma, Yogyakarta. Mgr. Suharyo ugi naté dados dhosen Pengantar lan Ilmu Tafsir Prajanjian Enggal ing Fakultas Teologi Wedabhakti, Yogyakarta taun 1989. Lajeng kapilih dados Dekan Fakultas Teologi Universitas Sanata Dharma, Yogyakarta taun1993 hingga1997, kajawi mucal wontenUniversitas Kristen Duta Wacana,Yogyakarta lanUniversitas Katolik Parahyangan,Bandung taun 1994–1996. Ing taun 1996-1997, Suharyo kadhapuk minangka Direktur Program Pascasarjana Universitas Sanata Dharma, Yogyakarta, lan naté nyepeng dados Ketua Konsorsium Yayasan Driyarkara ing taun 1997, kajawi Ketua UNIO (Persaudaraan Imam-imam Praja) sarta salebetipun Komisi Kitab SuciKabiskopan Agung Semarang.

Mgr. Suharyo kadhapuk dadosBiskop Agung Semarang ing surya21 April1997 déningPaus Yohanes Paulus II. Piyambakipun dipuntahbisaken ing surya22 Agustus1997 wonten Gedung Olahraga Jatidiri,Semarang,Jawa Tengah.[2] Lajeng piyambakipun dipuntahbisaken minangka Biskop déningBiskop Agung Jakarta Mgr.Julius Kardinal Darmaatmadja,S.J.

Pakaryan

[besut |besut sumber]

Mgr. Suharyo nganggit buku-buku antawisipun

  1. Membaca Kitab Suci: Paham-paham Dasar
  2. Membaca Kitab Suci: Tulisan-tulisan Perjanjian Lama
  3. Membaca Kitab Suci: Tulisan-tulisan Perjanjian Baru
  4. Pengantar Injil Sinoptik
  5. Alam Hidup Perjanjian Lama
  6. Kitab Wahyu, Paham dan Maknanya Bagi Hidup Kristen
  7. Datanglah KerajaanMu
  8. Kisah Sengsara Yesus dalam Injil Sinoptik
  9. The Catholic Way, Kekatolikan dan Keindonesian Kita

Kajawi punika, Mgr. Suharyo ugi nyadhur anggitanipunHenri J.M. Nouwen, nggih punika:

  1. Menggapai Kematangan Hidup Rohani
  2. Dengan Tangan Terbuka
  3. Engkau Dikasihi
  4. Kembalinya Si Anak Hilang
  5. Cakrawala Hidup Baru
  6. Pelayanan yang Kreatif

Galeri

[besut |besut sumber]

Rujukan

[besut |besut sumber]
  1. Mgr. Ignatius Suharyo, PR - Uskup Coajutor KAJArchived 2023-08-01 at theWayback Machine..Situs Paroki Gereja Katolik Trinitas Cengkareng,27 Juli2009. Diakses pada6 Juli2010.
  2. abMengenal Lebih Dekat Mgr. Ignatius Suharyo,Situs ResmiKabiskopan Agung Jakarta,30 Juli2009. Diakses pada6 Juli2010.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniIgnatius Suharyo.


Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ignatius_Suharyo&oldid=1722786"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp