Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Idul Fitri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
عيد الفطر
Idul Fitri
(Pahargyan mungkasi Pasa Ramelan)
Idul Fitri ing Malaysia
Uga ingaranIdul Fitri, Hari Lebaran (Indonésia); Hari Raya Puasa, Hari Lebaran, Aidilfitri (Malaysia,Singapura,Brunei); Wakas ng Ramadan, Hari Raya Puasa (Filipina); Nonbu Perunaal (Tamil) Riyoyo, Riyayan, Ngaidul Fitri (Basa Jawa); Boboran Siyam (Basa Sundha); Uroë Raya Puasa (Basa Acèh); Rojar Eid (Banggaladésa); Ramazan Bayramı (Basa Turki); Eid Nimaz (Basa Sindhi); Korite (Senegal); Sallah (Hausa); Kochnay Akhtar (کوچنی اختر) (Pashto); Eid-e Sa'eed-e Fitr (The Mirthful Festival of Fitr,Pèrsi); Choti Eid (Basa Urdhu); Meethi Eid (Basa Urdhu);Cheriya Perunnal (Malayalam); Ramazanski Bajram, Eid (Bosnia); Bajram (Albania); Cejna Remezanê (Kurdi); Ramazanski Bajram (Kroasia); Idd (pacelathon ing Uganda)
DipèngetiMuslim ing saindhengingdonya
JinisIslam
AncasMungkasi PasaRamelan
KaraméanKembul bojana dhawar panganan legi-legi, nanggo klambi anyar lan maringi dhuwit marang bocah-bocah cilik
PèngetanSalat, bayar (Jakat pitrah)
Tanggal1Syawal
Tanggal ing 2025date missing (please add)
GegayutanRamelan,Idul Adha

Idul Fitri (Basa Arab: عيد الفطر‘Īdu l-Fiṭr) ikudina riyaya umatIslam saben tanggal 1Syawal sajeroning pananggalanHijriyah. Idul Fitri dirayakaké sawisé umat Islam nglakonipasa sesasi ing sasiRamelan. Amarga cara ngukuhaké tanggal 1Syawal kang didhasaraké marang mubengérembulan marangbumi mau, mula Idul Fitri utawaDina Riyaya ora padha tanggal lan sasiné sabentaun yèn dideleng sakakalèndherMasèhi. Cara nemtokaké tanggal 1Syawal uga béda-béda, saéngga bisa ana sapérangan umat Islam kang mahargya ing tanggalMasehi kang béda. Ing Indonésia,pamaréntah minangka kang kawogan nemtokaké tanggal 1 Syawal saben ngadhepi wektuné nganakaké pasamuan kang diaranisidang isbat, Sidhang mau dirawuhi déning para punggawa sakaKamentrian Agama,Majelis Ulama Indonesia, wakil-wakil saka organisasi massa Islam, lan para wakilnagara sahabat.

Ing tanggal 1Syawal, umatIslam kumpul wayah ésuk lan ngayahiSalat id bebarengan ingmasjid-masjid, utawa ing lapangan yèn kaanan oraudan. Béda karo ritualSalat Iedul Adha kang kudupasa dhisik nalika budhal menyang papan panggonan salat, sajeroning salat id iki malah disunnahaké sarapan dhisik sadurungé mangkat.

Sadurungé diwiwiti salat id, lumrahé imam ngélikaké tumrap kang durung nindakaké bayarjakat pitrah. Wates wektu bayar pitrah yaiku sadurungé ngayahi salat id, déné kang telat lan lagi bayar sawisé salat id bakal diitung minangka sedekah biyasa.

Ibadah lan tradhisi ing Idul Fitri

[besut |besut sumber]
Tradhisi takbiran kang dianakaké saben malem riyaya

Idul Fitri nandhani pungkasan dinapasaRamelan.

Salat Idul Fitri lumrahé dianakaké inglapangan. Déné ukum Salat Idul Fitri yaikusunat mu'akkad. Sadurungé salat, kaum muslimin ngumandhangakétakbir.

Takbir dikumandangaké sawisé teka sasi Syawal. Saliyané ngayahi Salat Sunat Idul Fitri, kaum muslimin uga diwajibaké bayarjakat pitrah[1][2] kang akèhé saben wong 2,7 kilogram bahan panganan pokok. Tujuan sakai jakat pitrah iki kanggo andum kabegjan marang para fakir miskin. Sawisé salat disunnahaké midhangetaken kutbah kang diterusaké maca donga. Sawisé rampung, kaum muslimin banjur padha salaman silih apura siji lan sijiné. Kadhangkala ana kang diterusaké ngayahiziarah kubur.[3]

Tradhisi kang biyasa dilakoni ing Indonésia saben ngadhepi dina dina Idul Fitri yaiku wujud silaturahmi marang wong tuwa lan sanak kadang liyané. Kanggo kaperluan silaturahmi lan njaluk ngapura marang wong tuwa iki banjur akèh wong kang mulih menyang kampung asalé kang kerep ingaran acaramudik. Tradhisi mudik iki njalari dalan-dalan banjur dadi macet. Tradhisi liya kang lumrah yaiku mangan kanthi menu utama wujudkupat kang lumrahé nganggo lawuhopor utawajangan lodhèh.

Tata cara salat Idul Fitri

[besut |besut sumber]

Salat Iedul Fitri diayahi rongrakangat. Ing rokaat pisanan sawisé takbiratul ihram ditambah takbir kaping pitu, lan ing rakangat kapindho takbir kaping lima. Ing antarané takbir mau kaprayogakaké maca hamdallah, muji Allah lan shalawat marangMuhammad S.A.W. Sawisé takbir tambahan, imam salat maca ta’awudz, suratAl Fatihah banjur maca suratKuran kanthi kombinasi:

Tatacara sabanjuré padha karo ing salat-salat liyané.Sawisé rampung salat Idul Fitri kaprayogakaké ngrungokaké kutbah.

Adab Salat Id

[besut |besut sumber]

Adab-adab salat Idul Fitri:

  • Adus sadurungé mangkat salat (H.R.Imam malik).
  • Nganggo wangi-parfum, tumrap wong lanang, lan sikat untu.
  • Nganggo sandhangan kang paling apik (H.R.Bukhari, Muslim).
  • Salat subuh dhisik sadurungé mangkat (H.R.Bukhari, Muslim).
  • Mangan dhisik sadurungé mangkat (H.R.Bukhari). Mangan sacukupé waé. Béda karo salat Idul Adha kang kudu ora mangan dhisik.
  • Disunnahaké lumaku tumuju lokasi, yèn bisa, (H.R.Ibnu Majah).
  • Lokasi salat ing lapangan (H.R.Bukhari, Muslim)
  • Takbir kanthi swara (ora mung sajeroning ati) nalika tumuju lokasi salat (Qs.Al Baqarah: 185).
  • Ora salat sunat sadurungé lan sawisé salat Id yèn ora ing jeromasjid.
  • Ora ana adan lan iqamah (H.R.Muslim).
  • Wanita tumuju lokasi kanthi nutup aurat-nganggojilbab lan tanpa wangèn-wangèn.
  • Silih ngucapaké salam. Niru lelaku sahabatRasulullah SAW. Saka Jubair bin Nufair, panjenengané ngendika: "Sahabat Rasulullah SAW yèn ketemu ing dina id, silih ngucapaké-taqabballahu minna wa minkum (muga-muga Allah nampa amal kita lan amal panjenengan sami)" (H.R.Bukhari).

Wacan takbir yaiku:

ArabLatinPertalan
الله أكبر الله أكبر الله أكبرAllahu akbar, Allahu akbar, Allahu akbarAllah Maha Agung, Allah Maha Agung, Allah Maha Agung
لا إله إلا الla ilaha illa AllahOra ana Gusti kajaba Allah
الله أكبر الله أكبرAllahu akbar, Allahu akbarAllah Maha Agung, Allah Maha Agung
ولله الحمدwa li-illahi al-hamdKabèh puji mung marang Allah
  • Jamaah
  • Khutbah kapisan khatib disunatake maca takbir ping sanga, banjur ping pitu nalika khutbah kang kaping pindho
  • Ngethok kuku
  • Budhal lan bali nganggo dalan kang bedho
  • Ngewenehi sedekah
  • Ngerjakake salat sunat mutlak sadurungé khutbah
  • Maca takbir kajaba ing salat wiwit lingsire srengéngé satekane imam miwiti salat.[5]

Idul Fitri ing tlatah liya

[besut |besut sumber]

Asia

[besut |besut sumber]

Asia Tenggara

[besut |besut sumber]

Umat Islam ing Indonésia nganggep Idul Fitri minangka dina riyaya kang utama, kaanan mangkono dimupangkataké kanggo kumpul karo kulawarga. Tradhisimudik utawa bali menyang kampung, biyasa dilakoni déning wong kang padha ngumbara kanggo mulih menyang désa asal-usulé wiwit rong minggu sadurungé Idul Fitri. Pamaréntah duwé tanggung jawab nglancaraké para pemudik kang bali kampung mau. Dina Riyaya Idul Fitri kang ana ingIndonésia dipèngeti minangka dina prèi (libur) nasional, kang dipèngeti déning masarakat Indonésia kang mayoritas kang ndunungi Muslim. Panetepan Idul Firti katemtokaké déning pamaréntah kanthi ngayahisidang Isbat kang ngajak rembugan ormas-ormas Islam kang ana ing Indonésia.

Dhedhaharan kang paling misuwur ing prayaan Idul Fitri ing Indonésia yaikukupat, kang uga didadèkake tradhisipanganan ingMalaysia,Brunei, lanSingapura. Ing pérangan liya kang dadi pangarep-arep para bocah cilik ing dina riyaya yaiku dum-duman dhuwit riyaya (Basa Indonésia:salam tempel utawaangpao). Kagiatan liya kang ana ing dina riyaya yaiku antarané para tetangga duwé tradhisi dolan lan nyuwun pangapura, kang misuwur kanthi sebutan acara silaturahmi, utawa "halal bi-halal".

Ing tlatah manca kaya déné ingMalaysia,Singapura, ugaBrunei, Idul Fitri misuwur kanthi sebutanDina Riyaya Pasa utawaDina Riyaya Aidil Fitri. Ing Indonésia, wayah bengi sadurungé prayaan dianakaké takbiran utawa dikumandangakétakbir ingdalan,masjid lan uga ingmusholla, kang tujuané nguntapaké kamenangan lan muji syukur Keagungan Tuhan. Ing padésan utawa kampung uga ana tradhisi nguripake damar utawapelita,panjut, utawaobor. Masarakat uga padha silih ngucapaké "Sugeng Dina Riyaya " utawa "Salam Aidil Fitri" lan "Maaf lair lan batin" kanggo pangucapan njaluk pangapura saka wong liya.

Deleng uga

[besut |besut sumber]

Cathetan sikil

[besut |besut sumber]
  1. Weigers, Gerard."Ibadat".Encyclopedia of Islam and the Muslim world, kaca. 327
  2. Gaffney, Patrick D. "Khutba."Encyclopedia of Islam and the Muslim World. kaca. 394.
  3. Wiegers, Gerard. "Ritual".Encyclopedia of Islam and the Muslim world, kaca. 600
  4. [http://konsultasisyariah.com/shalat-idul-fitri-tata-cara Konsultasi Syariah: Tata cara salat Idul Fitri]
  5. Masykuri, HM. Abdurrahman."Salat 'id (Hari Raya)".Kaifiyah dan Hikmah Salat versi kitab salaf, kaca. 141

Pranala njaba

[besut |besut sumber]

Gladri

[besut |besut sumber]
  • Swasana uyel-uyelan nalika mudik
    Swasana uyel-uyelan nalika mudik
  • Mudik numpak kapal
    Mudik numpak kapal
  • Mudik numpak pit motor
    Mudik numpak pit motor
Loro Id
Dina riyaya liya-liyane
  • 1 Mung Islam Singah
Nasional
Taun anyar
Kaagamaan
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Idul_Fitri&oldid=1695266"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp