Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

ISBN

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

ISBN (International Standard Book Number) yaiku kodhe pangidhèntipikasi utawa tata baku katalogisasi indeks buku kang asipat unik.[1] ISBN lumrahé awujud 13 angka kang nggampangaké panggolèkan lan pamasaran buku.[2] ISBN ngemot informasi bab irah-irahan, panerbit, lan golongan panerbit.[1] Amarga iku, antarané buku siji lan liyané bakal béda nomer ISBN.[1] ISBN diwènèhké sakaBadan Internasional ingLondon, néngIndonésia ISBN diwènèhké sakaPerpustakaan Nasional Republik Indonesia RI.[2]

Guna ISBN

[besut |besut sumber]

ISBN duwé guna kanggo:[1]
1. Maringi idhèntitas kanggo salah sawiji irah-irahan buku kang diterbitake panerbit;
2. Mbiyantu ngalancaraké distribusi buku amarga kena nyegah klèru-klèru ing pamesenan buku;
3. Srana promosi kanggo panerbit amarga informasi pancantuman ISBN disebaraké sakaBadan Nasional ISBNIndonésia ingJakarta, ugaBadan Internasional kang ana ingLondon.

Struktur ISBN

[besut |besut sumber]

Nomer ISBN madeg saka 13 angka lan dikèki huruf ISBN nèng ngarepé.[1] Nomer iku madeg saka 5 pérangan.[1] Saben pérangan dicithak kanthi dipisah tandhahyphen (-).[1] Kelompok pambagéyan nomer ISBN ditemtokaké kanthi struktur kaya mangkéné:[1]

tuladha :ISBN 978-602-8519-93-9

1. Angka pangenal produk terbitan buku saka EAN (Prefix identifier) = 978
2. Kode kelompok (group identifier) = 602 (Default)
3. Kode panerbit (publisher prefix) = 8519
4. Kode irah-irahan (title identifier) = 93
5. Angka pamariksa (check digit) = 9

Terbitan kang dikèki ISBN

[besut |besut sumber]

Terbitan-terbitan kang bisa dikèki ISBN, yaiku:[1]
1. Buku kacithak (monografi) lanpamphlet;
2. TerbitanBraille;
3. Bukupéta;
4.Film,vidéo, lantransparansi kang asipatédukatif;
5.Audiobooks anakasèt,CD, utawaDVD;
6. Terbitanèlèktronik (kaya ta machine-readable tapes,disket,CD-ROM lan publikasi inginternèt);
7. Salinandigital saka cithakanmonograf;
8. Terbitanmicroform;
9.Softwareédukatif;
10.Mixed-médhia publications kang ngemot tèks.

Déné terbitan kang ora bisa dikeki ISBN, yaiku:[1]
1. Terbitan kang terbit kanthi tetep (kalawarta,buku, lsp.);
2.Iklan;
3. Printed music;
4. Dokumèn pribadi (kaya tabiodata utawa profil personal elektronik);
5. Kertu ucapan;
6. Rekaman musik;
7.Software saliyané kanggoédukasi kalebugame;
8.Buletinèlèktronik;
9. Suratèlèktronik;
10. Dolanan.

Panyantuman ISBN

[besut |besut sumber]

ISBN ditulis nganggo huruf cithak kang jelas lan gampang diwaca.[1] Singkatan ISBN ditulis nganggo huruf gedhé, ndhisiki panulisan angka pangenal golongan, pangenal panerbit, pangenal irah-irahan, lan angka pamariksa.[1]
Kanggo terbitan cithak, ISBN dicantumké ing:[1]
1. Pérangan ngisor sampul mburi (back cover);
2.Verso (ing walike kaca irah-irahan) (kacacopyright);
3. Geger buku (spine) kanggo buku kandhel, nèk bisa.

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefghijklm"Info ISBN". Perpusnas. Dibukak ing9 January 2016.[pranala mati permanèn]
  2. ab"Cara Mudah Mengurus ISBN Buku". Nyonya Buku. Diarsip sakasing asli ing 5 February 2016. Dibukak ing9 January 2016.

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=ISBN&oldid=1694363"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp