International Business Machines Corporation (dicekakIBM) iku sawijining kumpeni asalAmérika Sarékat kang mrodhuksi lan adolpiranti kasar lanpiranti aluskomputer. IBM diyasa tanggal 16 Juni 1911, wiwit lumaku oprasiné taun 1888 lan punjeré ana ingArmonk,New York, Amérika Sarékat.
Komplèks kantor pusat IBM kaprenah ing Armonk,Town of North Castle,New York, Amérika Sarékat, kanthi ambané wangunan 26.300 m2. Kantor iki dipanggoni wiwit taun 1964.[3] IBM uga nduwèni rolas laboratorium risèt kang sumebar saindenging donya—Almaden,Austin,Otralia,Brazil,Cina,Dublin,Israél,Indhi,Tokyo,Watson (New York),Zurich lanNairobi—kalawan Watson minangka markas punjeré dhivisi risèt lan dadi pusat paséban saben tauné. IBM uga nduwèni IBM Scientific Center, Hursley House, the Canada Head Office Building, IBM Rochester, lan the Somers Office Complex. Wangunan duwèké IBM, 330 North Wabash kang dirancang déningLudwig Mies van der Rohe kasil merkolèhHonor Award sakaNational Building Museum ing taun1990.[4]
Ing taun 1945,The Watson Scientific Computing Laboratory diyasa ingColumbia University,New York. Fasilitas iki dipigunakaké kanggo sains murni lan minangka wiwitané divisi risèt IBM kang rikala iki nglakokaké lan ngrumat fasilitas-fasilitas risèt IBM saindengingdonya. IBM uga minangka salah sawijining kang ngobahakéOpen Source Initiative, lan wiwit nyokongLinux ing taun 1998.[5] Kumpeni wus nginvèstasèkaké milyarandolar kanggo pangembanganpiranti alus lan jasa kang adhedhasar Linux sarana IBMLinux Technology Center, kalebu ing jeroné yaiku ana 300 wong pangembang kernèlLinux.[6]
IBM wiwit lumaku ingIndonésia taun 1937 mawa jeneng Watson Bedriffsmachine Java NV. Mesin sepisanan kang diadol yaiku mesin kanggo mrosès dhata kang dituku déningStaats Spoorwagen - maskapésepur duwèké pamaréntah ingBandung - ing jaman purwakaning komputerisasi ing Indonésia. Rikala taun 1953, Watson Java NV nyalin jenengé dadi IBM Indonesia Ltd, NV.[7] Kalawan anané akuisisiPrice Waterhouse Consulting lan kayasanéIBM Global Business Services ing taun 2002, IBM Indonesia ngadegaké PT IBM Jasa Teknologi Informasi ing taun 2003 lan fokus marang leladèntèknologi informasi.