Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Hydrus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
HYDRUS

Peta Hydrus
CekakanHyi
GenitifHydri
Asensio rekta0.08 h ~ 4.66
Deklinasi−58° ~ −82
Area243 derajad pesagi (#61st)
Lintang utama3
Lintang
Bayer/Flamsteed
19
Lintang
mawaplanèt
4
Lintang padhang2
Lintang cedhak1
Lintang paling padhangβ Hyi (2.82m)
Lintang paling cedhakβ Hyi ( tc)
Obyèk Messiernone
Udan météornone
Rasi lintang
sing wewatesan
Dorado
Eridanus
Horologium
Mensa
Octans
Phoenix (corner)
Reticulum
Tucana
Katon antara lintang +8° lan −90°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasiNovember.
'

Hydrus (/[unsupported input]ˈhdrəs/) inggih punika salah satunggaling jinisrasi lintang ingkang alit ingkang mapan wonten ing belahan langit sisihkidul. Rasi lintang Hydrus punika sepisanan dipundamel déningastronomWalanda,Petrus Plancius saking asiling observasiPieter Dirkszoon Keyser lanFrederick de Houtman ingabad kaping enem welas.[1] Nama Hydrus ing basaLatin gadhah teges "ula banyu lanang". Nama punika ugi asring dipungayutaken kaliyanula Lesser lan ula banyu alit, déné nama punika kados ingkang kaserat wontne ingUranometria kagunganipunJohann Bayer ing taun1603.[2][3] (Ula banyu ageng inggih dipungambaraken déning rasi lintangHydra).

Lintang-lintang

[besut |besut sumber]

Rasi lintang Hydrus gadhah tlatah ingkang ambanipun kirang langkung 243 drajat persegi lan ngewrat satunggal lintang ingkang dipunmangertosi minangkaplanit-planit. Rasi lintang Lacerta punika saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +8° lan-90° lan paling saée dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting sasiNovèmber. Hydrus mapan wonten ing sisih tengen ing antawisipunawanMagellanic.

Rasi lintang punika boten gadhah kathah lintang ingkang dipunparingi nama lan ngewrat objek langit pérangan lebet ingkang lemah sanget. Lintang ingkang padhang piyambak wonten ing rasi lintang Hydra punika inggih namung gadhah magnitudo tiga lan wujudsegitiga wonten ing langit. Lintang ingkang padhang piyambak wonten ing rasi lintang Hydrus inggih punika lintangbeta Hydri, satunggaling lintang ingkang padhang ingkang mapan paling caket kaliyan kutub langit kidul. Lintang punika kalebet lintangjene radioranye ingkang tebihipun kirang langkung 24,4 taun cahya.

Alpha Hydri, inggih lintang kurcaci kelas F ingkang umuripun kirang langkung 810 milyar, ingkang tebihipun 71 taun cahya sakingbumi.

Gamma Hydri, inggih punika lintang ingkang padhang piyambak nomer tiga ing rasi lintang punika, ingkang tebihipun 214 taun cahya.

Objek Langit Lebet

[besut |besut sumber]

Objek langit pérangan lebet ingkang paling narik kawigatosanipun para panaliti wonten ing rasi lintang Hydrus punika inggih, IC 1717, ingkang sapunika kawontenanipun sampun boten dipunmangertosi malih. Objek punika dipunobservasi lan dipundhokumentasikaken déning astronomDanish,John Louis Emil Dreyer, nanging boten saged dipuntingali wonten ing koordinat ingkang dipunparingaken déning piyambakipun, ingkang mapan caket kaliyaneta-2 Hydri, satunggaling lintang raksasa jene kanthi sistem planit.Hydrus ugi ngemu sapérangan objek ingkang saged dipuntitiki, ingkang wujudipun alit, caket lan nebula ingkang radi padhang, NGC 1511, lan galaksi elip ingkang alit, NGC 1473.

Hydrus taksih kalebet satunggal kulawarga saking rasi lintang Johann Bayer, sesarengan kaliyan rasi lintang Hydrus,Dorado,Volans,Apus,Pavo,Grus,Phoenix,Tucana,Indus,Chamaeleon lanMusca. Rasi lintang Hydrus ugi dipunkiteri déning rasi lintang sanèsipun kados ta rasi lintang Dorado,Eridanus,Horologium,Mensa,Octans, Phoenix,Reticulum lanTucana.[4]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. Ridpath & Tirion 2001, kc. 160–161. harv error: no target: CITEREFRidpathTirion2001 (help)
  2. "Hydrus (Water Snake)". Chandra X-ray Observatory. Dibukak ing10 July 2012.
  3. Staal 1988, kc. 243. harv error: no target: CITEREFStaal1988 (help)
  4. HydrusArchived 2012-03-06 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 18 Pebruari 2013)

Cithakan:88 Rasi Lintang Modhern

Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Hydrus&oldid=1643369"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp