Horus ya iku siji dewata kang gatèn ing agamaMesir kuna, kang dipuja wiwit udakara pungkasaning jaman Prasujarah nganti jaman Greco-Roman. Wujud kang béda-béda saka Horus kacathet in sujarah lan wujud-wujud iki dipandheng minangka déwa kang mirunggani déning ahli Mesir.[1] Wujud-wujud kang manèka warna mau bokmenawa amarga persepsi kang béda-béda ngenani déwata manéka wujud kang pinjunjul ing sipat utawa gegayutan sinkrétis tinamtu, durung mesthi lelawanan nanging uga njangkepi siji karo liyané.[2] Dhèwèké asring digambaraké minangka elang, kepara siji jinis lanner utawa peregrine, utawa minangka wong lanang kanthi sirah elang.[3]Cathetan kang paling kawitan bab wujudé Horus ya iku déwa panjaganing Nekhen ing Mesir Udhik, kang déwa kabangsan kawitan kang diyektèni, kususé ngenani gegayutané marang sang ratu kang dipracaya minangka manifestasining Horus ing urip lan osiris ing pati.[1] Ing tata pernah kang akèh ditemoni, Horus kagambaraké minangka anak lanangé Isis lan Osiris. Dhèwèké dadi pérangan kang gatèn ana ing mitologi Osiris minangka panerusé Osiris lan kongkirèning Set, nara rajapatiné Osiris. Ing tradhisi liyané, Hathor dianggep ibuné lan kadhang-kadhang minangka bojoné wédok.[1] Horus akèh dhapukané sajeroning pantéon Mesir. Sing paling kondhang, Horus dadi déwaning akasa, yuda, lan beburu
Horus lair saka déwi Isis sawisé dhèwèké nampa tugelan-tugelan awaké bojoné kang dipatèni ya iku Osiris, kejaba planangané kang dibuwang menyangkali Nil lan dipangan lélé,[4][5] utawa dipangan yuyu, lan miturut cathetané Plutarch (ndeleng Osiris) migunakaké daya magisé saperlu nguripaké Osiris manèh lan nggawé planangan emas[6] kanggo ngeneng-enengaké putrané. (Ing carita Mesir kang luwih lawas, palanangané Osiris wutuh).
Nalika Isis ngerti yèn dhèwèké ngandhut Horus, dhèwèké minggat tumuju rawa ingDèlta Kali Nil saperlu ndhelik saka sadulur lanangé, Set, kang kanthi irèn-irènan matèni Osiris, lan Isis uga ngerti yèn Set bakal matèni anak lanangé uga.[7] Ing rawa ingDèlta Kali Nil kuwi, Horus lair.
↑abc"The Oxford Guide: Essential Guide to Egyptian Mythology", Edited by Donald B. Redford, Horus: by Edmund S. Meltzer, p164–168, Berkley, 2003,ISBN 0-425-19096-X
↑"The Oxford Guide: Essential Guide to Egyptian Mythology", Edited by Donald B. Redford, p106 & p165, Berkley, 2003,ISBN 0-425-19096-X
↑Wilkinson, Richard H. (2003).The Complete Gods and Goddesses of Ancient Egypt. Thames & Hudson. p. 202.