Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

The Simpsons

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih sakaHomer)
LogoThe Simpson

The Simpsons (utawaPara Simpson ing basa Jawa) iku sérial kartuntélévisikomediAmérikah Sarékat sing diprodhuksi déning Fox Broadcasting Company wiwit taun 1989 nganti sepréné. Sérial iki naté ditayangaké ing Indonésia. Nanging sadurungé iku, saka taun 1987 sérial iki wis ditayangaké minangka péranganingTracy Ullman Show. Sérial iki diciptakaké déningMatt Groening. Sérial TV iki prakara 5 wong sakulawarga sing jenengéHomer,Marge,Bart,Lisa, lanMaggie. Banjur kulawarga iki nduwé kéwan piaran loro: asu siji sing jenengé Santa's Little Helper lan kucing sing jenengé Snowball II. Homer iku bapak lan kepala kulawarga, umuré kurang luwih 38 taun. Marge iku bojoné lan ibu kulawarga. Bart iku anak lanang lan umuré 10 taun, Lisa iku anak wadon umuré 8 taun lan Maggie uga anak wadon, umuré sataun. Bart lan Lisa iku sekolah ing SDSpringfield Elementary. Maggie iku durung bisa ngomong.

Sérial iki papané ana ing kutha fiktif Springfield lan ngenyèk budaya Amérika, masarakat, télévisi lan akèh aspèk kauripan manungsa.

Réferènsi

Pranala njaba

Wikicuplik duwé cuplikan ngenani:The Simpsons
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=The_Simpsons&oldid=1696810"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp