Hokkaido (北海道,Hokkaidō?), biyèn jenengéEzo, yaiku pulo lan jenengprefektur Jepang kang manggon ingPulau Hokkaido,Jepang. Hokkaido yaiku préfèktur gedhé dhéwé ing Jepang, siji-sijiné préfèktur ing Jepang kang diwangun déning kesatuan 14 subprefektur. Sajeroning basa Jepang,dō (道,dō?) ategesprefektur.
Kutha gedhé dhéwé ing Hokkaido yaikuSapporo kang uga duwé status minangka kutha krajan prefektur.
Pulo Hokkaido yaiku pulo gedhé dhéwé kapindho ing Jepang.Selat Tsugaru misahaké Pulo Hokkaido sakaPulau Honshu. Pulo Hokkaido lan PuloHonshu dihubungaké déning trowongan ngisor laut Seikan. Suku bangsa asli ing Hokkaido yaikusuku Ainu. Akèh jeneng laladan kang nggunakakébasa Ainu, kaya taSapporo.
Sajeroning basaAinu, pulo iki sinebutAinu mosir kang ateges "padunungane manungsa". Wong Jepang nganti pungkasanjaman Edo nyebut pulo iki minangka Ezo utawaHokushu. Nalika badan pamaréntah kanggo pambukan Hokkaido (Kaitakushi) diadegaké, PamaréntahMeiji mutusaké kanggo ngganti jeneng Ezo. Takeshiro Matsuura kang tau mèlu lelanané Hokkaido ngirimaké laporan marang pamarèntah, lan ngusulaké enem pilihan jeneng kanggo Ezo. PapréntahanMeiji milih jenengHokkaidō (北加伊道,Hokkaidō?) minangka pilihan pisanan lanKaihokudō (海北道,Kaihokudō?) minangka pilihan kapindho. Jeneng "Hokkaido" pungkasané dipilih kanggo njenengi Pulo Ezo miturut sistem hukumRitsuryo kang mbagi wewengkonJepang dadiTōkaido (pérangan wétan),Nankaido (pérangan kidul), lanSeikaido (pérangan kulon).