Henrik Pontoppidan (24 Juli1857 –21 Agustus1943) inggih punika salah satunggaling penulis realis ingkang sesarengan kaliyanKarl Gjellerup aliasEpigonos pikantuk Penghargaan Nobel Babagan Sastra nalika taun1917 kanggé "penggambaranipun ingkang karinci babagan pagesangan wekdal punika wonten ingDhènemarken."Novèl-novèl lancarkak-carkak Pontoppidan –wosipun pangarep saperlu kamujuan sosial nanging ing wuri kicalan pangarep saking perwujudanipun—ngrawuhaken gegambaran ingkang jangkep saking nagari lan jamanipun.[1]
Putra salah satunggalingpendeta, Pontoppidan berjuang tumrap lingkunganipun kaliyan sinau babagan teknik wonten ing kuthaKopenhagen nalika taun1873. Wonten ing taun1879 piyambakipun mandheg sinau lan dados guru sadangunipun pinten-pinten taun. empalan cariyos ingkang angka pisanipun dipunterbitaken rikala taun1881, lajeng piyambakipun nyokong dhiri kaliyan nyerat, dumugi ing taun1900 minangka salah satunggaling wartawan wonten ing sajumlah ariwartaKopenhagen.[2]
Karya Pontoppidan—mliginipun novèl lan carita ckak wonten ing "gaya dingin", tebih, lan epik–merentang sadangunipun sepalih abad lan nyariosaken sapérangan ageng segi pagesangan wonten ingDhènemarken.
Buku ingkang kapisanan babagan pagesangan désa-kutha.Landsbybilleder (1883; "Gambar Désa"),Fra Hytterne (1887; "Saking Gubuk"), lanSkyer (1890; "Mendhung") dipuncirikaken kaliyan kadukan sosial nanging ugi apresiasi ironis kepuasan dhiri pribadi lan sikap pasif penduduk nagari. TrilogiDet forjættede land, 3 jilid (1891,1895; Tanah ingkang Dipunjanjikaken), nggambaraken kontroversi keagamaan wonten ing distrik-distrik nagari punika (Dhènemarken). Wonten ing taun1890-an Pontoppidan nyerat novèl cekak babagan prakawispsikologi,estetika, lanmoral—mis,Nattevagt (1894; "Pengawal Dalu"),Den gamle Adam (1895), lanHojsang (1896; "Lagu Agung"). Sedayanipun kadhérékaken déning utama, novèlLykke-Per (1898-1904; "Per ingkang Bejo"), ing pundi tokoh utamanipun mirib sanget kaliyan Pontoppidan. Piyambakipun inggih punika putra salah satunggaling pendeta ingkang nglawan swasana puritan wonten ing dalemipun lan pados kabegjan wonten ing kutha krajan minangka salah satunggaling insinyur. Temabuku punika inggih kekiyatan lingkungan, lan kecenderungan nasional dhateng arah lamunan lan kawedén realitaas dipunkecam.[3]
Lingkaran novèl paling ageng ingkang kaping 3 Pontoppidan,De dodes rige, 5 jilid (1912-1916; "Kamaharajan Kematian"), nedahaken boten puasipun saking perkembangan pulitik sabibaripun kamenangan kaum liberal nalika taun1901 lan kawedén saking kemandulan jaman ingkang énggal. Novèl paitMands himmerig (1927; "Swarga Manungsa") nggambaraken Dhènemarken ingkang nétral sadangunipun kadadosan Perang DOnya I lan nyerang materialisme ingkang boten kapikiraken. Karya pungkasan ingkang wigat sanget saking Pontoppidan inggih punika 4 jilidmemoar ingkang dipunterbitaken antawis taun1933 lan1940 lan ingkang medal wonten ing versi kempalan lan cekak ingkang dipunsukani judhulUndervejs til mig selv (1943; "Jalur Dhiriku").[4]