| Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
| Harold Pinter |
|---|
 |
| Pakarya | Playwright,screenwriter,aktor,director,penyair,penulis,aktivis |
|---|
| Bangsa | British |
|---|
| Warga nagara | British |
|---|
| Almamater | Hackney Downs School (1944–1948) |
|---|
| Mangsa | 1950–2008 |
|---|
| Gènre | Drama,filem,poetry,fiction,essay |
|---|
| Karya gedhé | The Birthday Party,The Caretaker,The Homecoming,Betrayal The Servant,The Go-Between,The French Lieutenant's Woman,The Trial,Sleuth Art, Truth and Politics |
|---|
| Bebungah utama | David Cohen Prize (1995) Laurence Olivier Award (1996) Companion of Honour (2002) Penghargaan Nobel dalam Sastra (2005) Légion d'honneur (2007) |
|---|
| Bojo | Antonia Fraser (1980–2008) Vivien Merchant (1956–1980) |
|---|
| Anak | enam anak tiri satu anak dengan Merchant |
|---|
| Situs jaringan |
|---|
| http://www.haroldpinter.org/ |
Sastra portal |
Harold Pinter CH, CBE (lair ingHackney,London,10 Oktober1930 – pati ingWest London, Inggris,24 Dhésèmber2008 ing umur 78 taun) inggih punika salah satunggaling dramawanInggris ingkang pikantuk Bebungah Nobel babagan Kasusastran nalika taun2005.[1]
Putra satungaling pedamel busana keturunanYahudi, Pinter kajawi sampun nyerat 30 naskahdrama, ugi nyerat kathah puisi lan skénario filem. Piyambakipun ugi asring dados sutradara paméntasan drama punapa déné sutradara filem lan ugi naté dados aktor.
Naskah drama ingkang paling misuwur ingkang piyambakipun seart inggih punikaThe Dumb Waiter (1957) lanThe Caretaker (1959) ingkang dipunsebut-sebut minangka pengamatan tliti babagan prakawis sosial lan linguistik, kanthi alur cariyos lan pirembagan ingkang dalem sanget. Film ingkang saé piyambak ingkang naté Pinter sutradarai inggih punikaThe French Lieutenant’ Woman, ingkang dipunangkat saking novèl karyaJohn Fowles.[2]
Kajawi nyerat, Pinter ugi minangka aktivisHAM lanpulitik. Naskah drama ingkang Pinter serat kadang kala ngandhut unsur pulitik kanthi boten langsung.
Saking jasa-jasanipun, Pinter pikantuk gelarCommanders of the British Empire (CBE) saking pamaréntahBritania Raya rikala taun1966 lajeng dipunparingi gelar tambahanCompanion of Honour nalika taun2002. Sadèrèngipun, Pinter naté nampik nalika dipunsukani gelarksatriya (knighthood).
Nalika tanggal13Oktober2005, Pinter dipunanugrahi Bebungah Nobel wonten ing babagan Kasusastran amargi minangka ‘tokoh paling ngajeng ingkang makili donya drama Inggris pascaperang’.
- The Room (1957)
- The Birthday Party (1957)
- The Dumb Waiter (1957)
- A Slight Ache (1958)
- The Hothouse (1958)
- The Caretaker (1959)
- A Night Out (1959)
- Night School (1960)
- The Dwarfs (1960)
- The Collection (1961)
- The Lover (1962)
- Tea Party (1964)
- The Homecoming (1964)
- The Basement (1966)
- Landscape (1967)
- Silence (1968)
- Old Times (1970)
- Monologue (1972)
- No Man's Land (1974)
- Betrayal (1978)
- Family Voices (1980)
- Other Places (1982)
- A Kind of Alaska (1982)
- Victoria Station (1982)
- One for the Road (1984)
- Mountain Language (1988)
- The New World Order (1991)
- Party Time ([[1991)
- Moonlight (1993)
- Celebration (1999)
- Remembrance of Things Past (2000).
- The Proust Screenplay (1977)
- Poems and Prose 1949-1977 (1978)
- The Dwarfs: A Novèl (1990)
- Various Voices: Poetry, Prose, Politics, 1948-1998 (1998)
- Collected Screenplays, Vols. 1-3 (1998)
- The Disappeared and Other Poems (2002)
- War: Eight Poems and One Speech (2003).[3]
|
|---|
| 1901 – 1925 | |
|---|
| 1926 – 1950 | |
|---|
| 1951 – 1975 | |
|---|
| 1976 – 2000 | |
|---|
| 2001 – saiki | |
|---|