Hanbok kang diagem Raja lan Ratu Min Gojong nalika simulasi pahargyan penganten ing Pura Unhyeongung
Hanbok yaikusandhangan tradhisionalKoréa kang uga diaranisandhangan sang angin.[1]
Garis-garis lan lekukan-lekukane kang alus yèn disawang pancen kaya angin.[1]Wong Koréa asring nganggo tembungbaram utawaangin kanggo nggambaraké rasa bungah kaya ta nalika wong ketaman asmara.[1]Angin minangka pralambang kamardhikan, tanpa bobot, lan bisa mabur sakarepe dhéwé.[1]Sajatiné,hanbok kasusun sakajeogori (jaket) lanbaji (kathok dawa).[2]Iki nuduhake kahananeScythian Lor.Hanbok kanggo wong wadon béda karo hanbok wong lanang.Hanbok wong wadon iku kasusun sakarok lan ndhuwuran klambi kang memper karobolero.Hanbok uga padatan diaranichimajeogori,chima tegesé rok, lanjeogori tegesé jaket.Déné hanbok kanggo wong lanang iku nganggo jaket cendhak lan clana dawa sing diaranibaji.
Jeogori,yaiku pérangan ndhuwuring hanbok. Jeogori kanggo wong lanang lan wadon iku béda. Kanggo wong lanang ukurane luwih gedhé lan ringkes, déné kanggo wong wadon rada cekak lan ditandhani déning garis lengkung lan dekorasi kang alus.