| Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Hades (Basa Yunani: ᾍδης, Hadēs, utawi Ἅιδης, Háidēs) punikadéwabawah tanah wonten ingmitologi Yunani[1]. Hades punika putra paling sepuh sakingKronos lanRea. Hades sesarengan kaliyan sedhèrèkipun ngalahaken paraTitan lan mendhet alih kakuwasaandonya.Zeus,Poseidon, lan Hades piyambaj punika ngawontenakenundian kanggé nemtokaken papan kakuwasaan lajeng Hades punika pikantukdonya bawah[2]. Amargi asosiasinipun kaliyandonya bawah, Hades asing dipunwastani minangkadéwa kematian nanging sajatosipun boten.
Wonten ingmitologi Romawi, Hades dipunsebat minangkaPluto,Dis Pater, lanOrkus. Déné wonten ingmitologi Etruska déwa ingkang sami punikaAita. Simbol kanggé Hades punikaHelm kegelapan lananjing berkepala tiga,Kerberos.
Istilah Hades wonten ing kekristenan lan wonten ingBasa Yunani Koine punika sami kaliyansheol ing ajaranYahudi (שאול, kuburan utawi bolongan ingbumi) lajeng merujuk dhateng papan kanggé rohipun manungsa. Déné konsèpneraka wonten ing agamiKristen punika langkung mirib kaliyan konsèpTartaros ingmitologi Yunani, péranganing Hades ingkang peteng lan medeni punika kaginakaken kanggé papanpenyiksaan lanpenderitaan.
Asaling namaHades utawiAides punika dèrèng cetha. Wonten tiyang ingkang gadhah pamrayogi bilih namaHades punika asalipun sakinga-idein ingkang ategesingkang boten katingal. Déné sanèsipun ngandharaken bilih Hades punika asalipun saking hadô utawi chadô, saéngga Hades punika ategesingkang gadhah sadaya utawiingkang nampi sadaya[3].
Hades punika asring dipungambaraken minangka déwa ingkang gadhahjanggut peteng kanthi busana ingkang mewah lan nembé nyekel tongkat utawidwisula. Hades ugi dipungambaraken minangka déwa ingkang paring kkasuburan saking kranjang ingkang awujud sungu(komukopia).
Salah satunggaling jejuluk kanggé Hades inggih punikaPluton (kasugihan) amargimineral berharga wonten ing sangandhaping lemah lan kagunganipun Hades.Sofokles nyebat Hades punikaDia Yang Kaya. Jejuluk Hades sanèsipun inggih punika Poysemantor (penguasa banya benda), Polidegmon ("Yang menerima banyak hal"),[4] Nekrodegmon ("Penerima orang mati"), Nekron Soter ("Penyelamat orang mati"), lan Eubuleus ("Penasehat yang baik"). Hades ugi dipunsebat minangka Zeus Khthonios ("Zeus donya bawah"), "Dia yang sunyi",[5] lan "Raja para roh".[6][7][8][9]
- Kréta perang ingkang dipuntarik déning sekawanjaran abadi kanthi warniireng
- Helm Kegelapan inggih punikahelm gaib ingkang dipundamel déning paraKiklops lan kaginakaken minangkagaman nalikaTitanomakhia.
- Tongkat karajan ingkang saged damel margi antawisipundonya bawah landonya atas
- Astana emas
- Singgasana
- kebon wohdelima ing celak astananipun. Woh delima punika ingkang dipundhahar déningPersefon saéngga kajebak ingdonya bawah.