Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Guwa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
HallSpeleothem Mountain Kings,Ogof Craig a Ffynnon,Wales Selatan.
Guwa.

Guwa yaiku bolongan alami ing lemah kang lumayan gedhé lan jero. Sapérangan ilmuwan njlentrehake manawa guwa iku kudu lumayan gedhé saéngga sapérangan pérangan ing jerone ora nampa cahya srengéngé; nanging ing kagunan racaké pangertene lumayan gedhé, kalebu parlindungan watu, guwa laut.

Tembung "guwa" asalé sakabasa Sanskertaguha[1].

Rekor

[besut |besut sumber]

Amarga guwa anyar terus dijelajahi, mula rekor ukuran guwa terusdiperbaharui.

Sistem guwa gedhé dhéwé (ing jarak) yaikuGuwa Mammoth (Kentucky,Amérikah Sarékat) kanthi panjang 579 km. Rekor iki kaya-kaya ora bakal diliwati kanthi wektu cedhak amarga guwa paling dawa kaping lorone kang dingerteni ana ingPechera OptymistychnaUkraina kang dawane 214 km.

Taun2005, guwa paling jero kang wis dingerteni (diukur saka panggonan lumebu nganti titik paling cethèke) yaikuGuwa Voronya (Abkhazia,Georgia, kanthi kajeronan 2.080 m. Iki minangka guwa pisanan kang tau dijlajahi nganti kajeronan punjul 2 km. Guwa pisanan kanthi kajeronan punjul 1 km kang tau dijlajahi yaikuGouffre Berger kang misuwur ingPerancis.Gouffre Mirolda -Lucien Bouclier guwa ing Perancis lanLamprechtsofen Vogelschacht ingOstenrik minangka guwa kaping loro lan kaping telu paling jero kanthi kajeronan 1733 m lan 1632 m, runtut. Rekor iki wis ganti nganti kaping pirang-pirang ing taun-taun pungkasan.

Rekor kajeronan guwa njorok mangisor kacekel déning guwaVrtoglavica ingSlowén kanthi 603m, diéloni déningguwa Velebit ing gunungVelebit ingKroasia kanthi kajeronan 553m.

Guwa gedhé dhéwé kang wis tinemu yaikuSarawak Chamber, ingTaman Nasional Gunung Mulu (Sarawak,Borneo,Malaysia), kang ambané 600 m x 400 m lan dhuwure 80 m.

Dunya jaba dideleng saka jero guwa.

Cathetan sikil

[besut |besut sumber]
  1. Daigorō Chihara,Hindhu-Buddhist architecture in Southeast Asia, 1996

Deleng uga

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniCave.

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Guwa&oldid=1696486"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp