Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Guillotine

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Guillotine iku sijipiranti kanggo mrejaya wong kang wis divoniskukuman pati kanthi rikat lan 'manusiawi'.

Guillotine dadi misuwur ing mangsaRévolusi Prancis, nanging sakbeneré wis ana piranti kaya iku. Guillotine dijenengaké miturutJoseph Ignace Guillotin (1738-1814), kang mrayogakaké supaya nganggo piranti iki minangka pirantieksekusi.Ironisé dhèwèké dhéwé sakbeneré ora sarujuk marang ukuman mati. Dhèwèké duwé panjangka yèn pitanti iki bakal mungkasi ukuman mati.

Ing sajeroning Révolusi Prancis, dibutuhaké siji piranti kang bisa ngèksekusi para terdakwa kanthi rikat. Guillotine iki nyukupi persaratan iki, mula ing saben désa ing Prancis ing tengah pasar tansah dipasang piranti iki.

Lukisan Dr. Guillotin

Ing tanggal25 April1792,Nicolas Jacques Pelletier minangkakurban pisanan guillotine. Sacara total sajeroning Révolusi Prancis puluhan èwu wong dièksekusi migunakaké piranti iki. IngParis waé kira-kira 40.000 jiwa diprejaya nganggo guillotine, antarané RajaLouis XVI lan garwanéMarie Antoinette.

Guillotine dirancang supaya èksekusi manusiawi lan sabisa-bisané ora krasa lara. Wong kang diukum pati ditata mengkurep lan guluné didèlèh antarané rong balok kayu kang tengahé ana bolongan kanggo tibané lading. Saka panggonan kang dhuwuré 7mèter, peso landhep ditibakna déningalgojo lan sirahé wong kang didakwa tiba ing siji kranjang. Eksekusi mawa guillotine nalika iku dadi tontonan umum, nanging guillotine banjur didèlèh sajeroning pakunjaran amarga dianggep kejem. Kadakwa pungkasan kang diukum pati mawa piranti iki ya iku Hamida Djandoubi. Panjenengané dièksekusi ingMarseille tanggal10 September1977.

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniGuillotine.
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani:Guillotine
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Guillotine&oldid=1652335"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp