Grikenlan (basa Griki:Ελλάδα Elládha utawaΕλλάς Ellás) utawaYunani[1] kanthi resmi diaraniRépublik Hellenik (Elliniki Dimokratia), ya iku panggonan lairé budayaDonya Kulon kang dunungé ana ingÉropa sisih kidul.
Warga Grikenlan ngarani nagarané dhéwéHellas, lan ing abjad modhèren diaraniEllas. Sajeroning basa sadina-dina aranEllada kang dianggo. JenengGreece sajeroningbasa Inggris lan jeneng liyané sing mèh padha, dijupuk saka jenengbasa Latin, Graecia, kang asalé saka sawijining tlatah kang saiki dumunung ana ing Grikenlan sisih lor, lan dinggoni déning wong-wong Graekos.
Déné jeneng kang dianggo ing sajeroningbasa Indonésia,Yunani, asal sakabasa Arab, jupuk saka jenengIonia.
Grikenlan darbèni sistem ékonomi kapitalis campuran karo sèktor publik kang nyumbang watara setengah saka PDB.Pariwisata nduwé peran kang wigati, nyediani porsi gedhé tumrap GDP lan pangasilan saka ijolan dhuwit manca. Grikenlan uga minangka pemimpin donya ing babaganperkapalan (nomer siji ing deduwènan kapal lan nomer telu ing registrasi gendéra)[2]. Ekspor barang produksi, kalebu telekomunikasi, prangkat lunak lan keras, bahan panganan, lan bahan bakar dadi pérangan gedhé pengasilan Grikenlan.
Nagara iki nduwé baku urip kang dhuwur, ana ing urutan angka 24 sajeroning Indèks Pangyasa Manungsa]] 2005 lan angka 22 sajeroning Indèks Kualitas Urip Donya 2005 versi The Economist [1] Ekonominé terus munggah sajeroning taun-taun pungkasan iki, amarga kawicaksanan pamaréntah kang ngetataké fiskal kanggo nglebokaké Grikenlan ing sajeroning Zona Euro wiwit tanggal1 Januari 2001. Pendapatan per kapita rata-rata taun 2004 kira-kira AS$22.000 [2] Grikenlan uga ngimpor narakarya (akèh-akèhé saka Éropa Wétan, Timur Tengah, Pakistan, lan Afrika). Wong-wong saka tlatah mau saiki cacahé watara 10% saka populasi total.
Miturut sensus taun2001, Grikenlan duwé populasi 10.964.020. 58,8% manggon ing kutha, lan mung 28,4% manggon ing padésan. Populasi ing kutha-kutha gedhé dhéwé ing Grikenlan, ya ikuAtena lanTésalonika, watara 4 yuta. Sanajan populasi Grikenlan tetep nambah, Grikenlan ngadhepi masalah demografis gawat:2002 minangka taun pisanan ing ngendi cacahé sing mati ngluwihi cacahé kalairan.
Cacahé imigran kang manggon ing Grikenlan wektu iki, kira-kira punjul sak yuta jiwa. Watara 65% asal sakaAlbani, lan migrasi skala gedhèn-gedhènan saka Albani menyang Grikenlan dadi sumber konflik amarga tapel wates Grikenlan-Albani dibukak tanpa persiapan saka péhak pamaréntah Grikenlan bab fasilitas imigran. Warga Albani sok di-diskriminasèkaké lan di-èksploitasi ing Grikenlan, lan pungkasan iki uga olèh jejuluk minangka kang gawé masalah lan kriminal. Nanging saiki akèh warga Grikenlan kang gelem ngakoni kontribusi imigran mau tumrap ékonomi Grikenlan. Ana sawatara imigran sakaBulgari,Sèrbi,Rumeni,Pakistan,Ukraina,Bélarus,Polen,Mesir,Palestina,Ethiopia,Bangladesh,Républik Rakyat Tiongkok lanGeorgia. Cacahé ora jelas amarga akèh-akèhé manggon kanthi ora sah ing Grikenlan.
Sacara administratif, Grikenlan dipérang dadi 13peripheries (region / provinsi), lan dipérang manèh dadi 51prefectures (nomoi, tunggalnomos). Uga ana siji laladan otonom,Mount Athos (otonom) (Agio Oros, "Gunung Suci"), kang wewatesan karo regionMakedonia Tengah.
Konstitusi Grikenlan njamin kabébasan absolut tumrap pilihan agama. Saben warga kang manggon ing tlatah Grikenlan bakal dijangkungi penuh bab kapercayaan agamané. Najan mangkono, ora ana omah ngibadah non-Kristen ing kutha krajan, amarga ditentang déning grup Kristen fundamentalis. Minangka tambahan, saben aktivitas kang ana gayutané karo ngadegaké omah ngibadah resmi kudu olèh idin saka Gréja Ortodoks lan uga saka pamaréntah sekuler. Miturut konstitusi "agama utama" ing Grikenlan ya ikuGréja Ortodoks Timur.
Mayoritas pemeluk agama ing Grikenlan ya iku pengikut Gréja Ortodoks Wétan, sanajan kauripan kaagaman suda ing taun-taun pungkasan iki. Pemeluk agamaIslam kira-kira 1,3% saka populasi, lan punjeré ana ing tlatahTrasia. Ana ugaKatulik Roma, lumrahé ing puloCyclades ingSyros,Paros lanNaxos. Pemeluk agamaProtèstan lanYahudi lumrahé manggon ingTesalonika. Sawetara grup nyoba mangun manèhHellenisme, Agama Grikenlan kuna.
Taun2004, Grikenlan ana ing urutan angka 12 minangka tujuanpariwisata internasional. 14,18 yuta turis nekani nagara itu, mligi kanggo nyeksèkakéOlimpiade Mangsa Panas.