Ngarai iki karipta amarga ananékaliColorado medhot selat kang wis pirang atustaun, dawané kira-kira 446 kilomèter, kang ambané saka 6 nganti 29 kilomèter, kang duwé jero kurang luwih 1600 mèter, lan ameh2000 yuta taun suharah ndunya, kang wis kepedhot saka kali Colorado lan anak-anakké kali lapis per lapis sedimene ing wayah daratan dhuwur. Ing èkspèdhisi kang dipandhegani déningMayor AS John Wesley Powell ing pungkasan taun1870.[1]
Ngikise lembah kali iki saben dina,banyu kali,wedhi, lanblethok si [http://www.nationg[pranala mati permanèn] lewat kanthi lewat cepet ya iku 3 faktor sing marai faktor pengikis paling cepet.[2]Adoh sadurungé papan panggonanGrand Kanyon wis dipanggoni masarakat asliAmérika ya ikusuku indian kang yasa papan kanggo urip iki ning témbok jurang.[2]Canyon County duwélansekap kang marai takjub lan ning kana dipanggoni karo kéwan-kéwanalas, kang marai kanggé uripé jejak jejak Suku Indian Hualapai kang ameh cures.[2]
Grand Canyon dumunung ing sisih lorArizona lan ana ing Taman Nasional Grand Canyon, salah siji taman nasional ing Amérikah Sarékat. Ing kana ana golongan jurang tebing kangterjal, dawane kira-kira 446 km, kanthi ambané saka 6 km nganti tekan 29 km kang jerune punjul 1.600 m. Wong kulit putih pisanan kang nemu ya iku García López de Cárdenas saka Spanyol ing taun 1540. Kasunyatane, panggonan iki wis dipanggone Penduduk Asli Amérika (Suku Indian) kang yasa panggonan kang dienggoni ing témbok ngarai adoh sadurungé tinemu déning García López.
Para ahli akèh kang nggawe teripembentukan Grand Canyon. Salah siji téyori anané Grand Canyon kang akèh dipercaya ya iku nalikaLempeng Pasifik lanLempengan Bawana Amérika Utara tubruk-tinubrukan ndadèkaké anané rerangkèn pagunungan purba kang gedhé banget lan dhuwur.
Nalika ana owah-owahing iklim ekstrim ing 1,7 Milyar taun kapungkur,banyu sagara munggah menyang sadhuwuringbumi, kabèh padha kerem kalebu uga pagunungan purba iku. Kauripan ing sadhuwuringgunung kang kerem iku uga owah. Pérangan dhuwur pagunungan ditutupipasir sagara lan kanthi otomatis kéwan-kéwan kang urip ing sagara uga bisa urip ing sadhuwuring pasir kang nutupi pagunungan.
Nanging nalika banyu sagara wiwit asad, pagunungan wiwit katon manèh. Endapan pasir lan kéwan sagarane isih ana ing sadhuwure. Sansaya suwé, kéwan-kéwan sagara kaya dénébrachiopoda,koral,moluska,lili laut, utawacacing laut dadifosil ing lapisan kang paling dhuwur Grand Canyon.
Aktivitas lempeng bumi nalika owahing iklim ekstrim iku uga ndadèkaké munggahe dataran tinggi Colorado dhuwure nganti tekan 3 mil saka sadhuwure sagara. Kali Colorado sasuwéné yuta taun ndadèkaké dataran tinggi Colorado dadi jero banget, dawane 446 km kawasan Grand Canyon.[3]
Hotèl Grand Canyon iku hotèl kang ana ing sajeroning gua Grand Canyon. Grand Canyon Hotèl ing Arizona nawarake ruwang penginapan kang dumunung 220 kaki ing sangisoringlemah. Hotèl kang ambané 200 kaki, dawane 400 kaki, lan dhuwure 70 kaki iki bisa dituroni nganti tekan wong nem, duwé rong kasur lan sofa. Hotèl ing jero gua iki dijangkepi fasilitas pabukonbuku lan kalawarta kang wis lawas, kalebu koleksi National Geographic taun1917, lan koleksi buku saka era1800-an.