Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Grabah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
   
Artikel iki macakaksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggoaksara Jawa ing kaca iki.
Kanggo ndandani, wacanaPitulung:Aksara Jawa.
Grabah kang ana ing Sidi Bousaid,Tunisia

Grabah ya iku piranti/ bekakaspawon digawé saka lempung kang diputer utawa digèpèngaké nganti bisa minangka wangun kang apik lan duwé aji kagunan ing uripé manungsa. Cara panggawéné nganggo prosès diobong. Ing jaman saiki cara nggawé piranti grabah wis ora diobong manèh nanging diopen (mesin obong).

Macemé grabah ya iku:

  • Kendhi: wadhah banyu ngombé.
  • Klenthing: wadhah kanggo nggawa banyu nalika ngangsu.
  • Genthong: wadhah kanggo nyimpen banyu.
  • Jabah
  • Jamban
  • Kwali wadhah kanggo njangan (masak janganan)
  • Layah piring saka lemah sing bisa uga dianggo nguleg sambel kaya déné cowèk.
  • Nanangan wajan saka lemah.
  • Cowèk: piranti kanggo nguleg sambel.
  • Kendhil: piranti kanggo ngliwet.
  • Pengaron
  • Angklo utawa anglo


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Grabah&oldid=1689999"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp