Gréja-gréjaLutheran ya iku gréja-gréja kang dhedhasar piwulangMartin Luther, tokohRéformasi gréja nalika abad kaping-16 kang ngritik piwulang lan praktik Gréja ana ing jaman semana.[1] Ajaran khas saka Martin Luther kang asring uga diakoni dadi ciri khas piwulang Réformasi disimpulaké ana ing telungsola, ya ikusola fide,sola gratia, lansola scriptura, kang duwé teges "mung iman", "mung anugrah", lan "mung Kitab Suci".[1] Tegesé ya iku, Luther nyatakaké yèn kaslametanmanungsa mung bisa amarga imané déning karyaanugrahAllah kang ditindakaké amargaYesus Kristus, kaya déné kang diseksèkaké déningKitab Suci.[2]
Amarga prakara mau, banjur Luther nulak piwulangGréja ana ing jaman semana kang njanjèkaké kaslametan nganggo pangadolan layang-layang pangapuraning dosa (indulgensia).[1] Luther nyatakaké yèn manungsa dislametaké dudu amarga amal utawa tindak-tanduké kang apik, nanging amarga saka anugrah saka Allah.[2] Lutheran nyatakaké iki dhedhasar omonganéPaulus ana ingLayang Roma: "nanging Allah nuduhaké kasih-É marang manungsa, amarga Kristus wis mati kanggo manungsa, nalika manungsa isih duwé dosa kang akèh.[2]"
Gréja Lutheran ngakoni rong sakramèn: Pambaptisan lan Bujana Suci.[2] Katekismus Lutheran ngajaraké yèn pambaptisan ya iku karya Allah, dhedhasar omongan lan janji saka Kristus.[2] Gréja Lutheran percaya yènroti lananggur ana ingbujana suci pancèn bener awak lan getih saka Kristus kang dianugrahaké marang wong Kristiani kanggo dipangan lan diombé.[2]