Gottfried Wilhem Leibniz utawi sok dipunéja minangkaLeibnitz utawivon Leibniz (1 Juli (21 Juni mituruttarikhkalèndher Julian)1646 –14 November1716) punika satunggiling filsufJerman keturunanSorbia lan asalipun sakingSachsen. Panjenenganipun mliginipun misuwur déné fahamThéodicée bilih manungsa gesang ing donya ingsang sasaé-saénipun amargi donya punika dipunripta déningHyang Ingkang Sampurna. FahamThéodicée puniki dados misuwur amargidipunkritik ing bukuCandide anggitanipunVoltaire.
Saliyané panjenenganéfilsuf, uga dadaiilmuwan,matematikawan,diplomat,fisikawan,sejarawan lan dhoktor sajeroning hukum pandonyan lan hukum gréja. Panjenengané uga dianggep Jiwa Universalis ing zamané lan dadi salah sijiné filsuf kang paling ngaruhi ing abad ka-17 lan ka-18. Panyumbangé ing pérangan subyek kng sumebar ing jurnal lan puluhan èwu surat sarta naskah manuskrip kang liyané durung diterbitake. ing mangsa sadurungé durung ana tetulisan. Leibniz kanthi laporan jangkep lan lengkap ngelaporake minangka prestasi kang durung dilakoni.
1687–90. Lelungo ing Jerman, Ostenrik, lan Italia, Ngawen panelitian ngenani buku kang dicetak lan kang diperintahake déning sangkurfürst ngenani sajarah Kulurawa Braunschweig.