Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Golden gate

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Golden Gate

Golden Gate ya iku selat kang nyambungakéTelukSan Fransisco karoSamodra Pasifik.[1] Wiwittaun1930 Kreteg Golden Gate wis dibangun ingselat iki.[1]Ombak kang gedhé lan arus saka kaliSacramento lankaliSan Joaquin wis nggawé saluran kang jeroné atusanmèter ing selat iki.[1]

Sadurungé aba wongÉropah teka ingabad18tlatah kéne dikuwasai karoOhlone.[1]

Kreteg Golden Gate ya ikuKreteg gantung ing Golden Gate, sawijiné bukaan saka Samodra Pasifik karo Teluk San Fransisco.[2] Kreteg Golden Gate nyambungaké uga kutha San Fransisco, California ingUjung San fransisco lan kabupaténMarin,California.[2] Dawané Kreteg Golden Gate ya iku2.727 m.[2] Jarak saka menara ya iku1.280 m.[2] Kreteg Golden Gate dhuwuré230 m sakabanyu ing selat iku.[2]Kreteg Golden Gate dirancang karoJoseph Strauss.[2] Dhèwèkéteknisi kang wis ngrancang punjul400 gambar Kreteg.[2]Golden Gate ya iku Kreteg paling éndah kang dadi ikon donya.[2] Pambangunan Golen Gate wiwit sakainsinyur laneditorkoran ing San Fransisco kang jenengéMichael O'Shaughnessy.[2] Dhèwèké duwé kawigatén kanggo yasa Kreteg kang nyambungaké wewengkon California ya iku San Fransisco lan Marin Country.[2]O'Shaugnessy wiwit konsultasi karo insinyur-insinyur ngenani bab dana lan wujud Kreteg kang pas kanggo selat.[2]BanjurJoseph Baermann Strauss ménéhakésketsa awal pambangunan Kreteg karo O'Shaughnessy lanEdward Rainey, Sekretaris Walikota San Francisco lanwalikotaJames Rolph.[2]O'Shaughnessy mbutuhaké wektu setaun kanggo mènèhi informasi tumrap masarakat ngenanidésain Kreteg Golden Gate.[2]Strauss mromosiké idé Kreteg iku kanthi désain asliné ing pandhudhuh California Utara.[2] Dhèwèké uga nerangake yèn dhuwit kanggo yasa Kreteg cukup dijupuk saka pajegtol. Kreteg iki ambané27,4mèter.[2]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdvirtualtourist.com(dipunundhuh tanggal 7 Juni 2011)
  2. abcdefghijklmnoCithakan:Dfokus.vivanews.comArchived 2010-12-03 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 7 Juni 2011)


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Golden_gate&oldid=1656152"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp