|
Katrangan Umum Unsur |
---|
Jeneng,Lambang,Nomer atom | emas, Au, 79 |
Dhèrèt kimia | logam transisi |
Golongan,Période,Blok | 11,6,d |
Panampilan | kuning meling-meling
 |
Massa atom | 196.966569(4) g/mol |
Konfigurasi elektron | [Xe] 4f14 5d10 6s1 |
Cacahingèlèktron sabenkulit | 2, 8, 18, 32, 18, 1 |
Ciri-ciri fisik |
---|
Fase | padhet |
Massa jenis (watarasuhu kamar) | 19.3 g/cm³ |
Massa jenis cair ingtitik lebur | 17.31 g/cm³ |
Titik lebur | 1337.33K (1064.18 °C, 1947.52 °F) |
Titik umob | 3129K (2856 °C, 5173 °F) |
Kalor peleburan | 12.55 kJ/mol |
Kalor panguapan | 324 kJ/mol |
Kapasitas kalor | (25 °C) 25.418 J/(mol·K) |
Tekanan uapP/Pa | 1 | 10 | 100 | 1 k | 10 k | 100 k | ingT/K | 1646 | 1814 | 2021 | 2281 | 2620 | 3078 | |
Ciri-ciri atom |
---|
Struktur kristal | kubus pusat muka |
Bilangan oksidasi | 3, 1 (oksidaamfoter) |
Elektronegativitas | 2.54 (skala Pauling) |
Energi ionisasi | pisanan: 890.1 kJ/mol |
ke-2: 1980 kJ/mol |
Jari-jari atom | 135pm |
Jari-jari atom (terhitung) | 174pm |
Jari-jari kovalen | 144pm |
Jari-jari Van der Waals | 166pm |
Lain-lain |
---|
Sifat magnetik | ora ana data |
Resistivitas listrik | (20 °C) 22.14 nΩ·m |
Konduktivitas termal | (300 K) 318 W/(m·K) |
Ekspansi termal | (25 °C) 14.2 µm/(m·K) |
Kacepetan swara (ing wujud kawat) | (suhu kamar) (panarikan njero) 2030m/s |
Modulus Young | 78 GPa |
Modulus rigiditas | 27 GPa |
Modulus ruah | 220 GPa |
Nisbah Poisson | 0.44 |
Skala Mohs | 2.5 |
Kakerasan Vickers | 216 MPa |
Kekerasan Brinell | 2450 MPa |
Nomor CAS | 7440-57-5 |
Isotop |
---|
|
Referensi |
---|
Emas ikuunsur kimia. Ingtabel periodik kang duwé simbolAu (basa Latin: 'aurum') lannomer atom 79. Sawijininglogam transisi (trivalen lan univalen) kang lembèk, kinclong, kuning, abot, "malleable", lan "ductile". Emas ora réaksi karo zat kimia liyané nanging kaserang déningklorin,fluorin lanaqua regia. Logam iki akèh ana ingnugget emas utawa serbuk ing wewaton lan ingdeposit alluvial lan salah sijilogam coinage.Kode ISOnya yaikuXAU. Emas nglebur ing wangun cuwèr ing suhu watara 1000 drajat celcius.
Emas wujud logam kang sifatéempuk lan gampang ditempa, kisaran atosé antarané 2,5 – 3 (skala Mohs), sarta bobot jinisé gumantung ing jinis lan kandhutan logam liyané kang kacampur ing emas iku. Mineral kang nggawa emas racaké asosiasi karomineral katutan (gangue minerals). Mineral katutan mau lumrahékuarsa,karbonat,turmalin,flourpar, lan sapérangan cilik mineral nonlogam. Mineral panggawa emas uga duwé asosiasi karo endhepan sulfida kang wis kaoksidasi. Mineral panggawa emas kapérang saka emas nativ, elektrum, emas telurida, sapérangan padhuan lan senyawa emas karo unsur-unsur wlirang, antimon, lan selenium. Elektrum sabeneré jinis liya saka emas nativ, mung kandhutan pérak ing njeroné >20%. analised Repair Ring Emas Systems Solder Iron
Emas kawangun saka prosès magmatisme utawa pangonsentrasian ing lumah. Sapérangan endapan kawangun amarga prosès metasomatisme kontak lan larutan hidrotermal, éwadéné pangonsentrasian kanthi mékanis ngasilaké endapan letakan (placer). Genesa emas dikatagorèkaké dadi loro yaiku:
- Endapan primèr; lan
- Endapan plaser.
Emas kanggostandar kauwangan ing akèh nagara lan uga kanggoperhiasan, lanelektronik. Panggunaan emas ing babagan monetèr lan kauwangan dhedhasar pangaji monetèr absolut saka emas iku dhéwé marang manéka valuta ing saindhenging donya, sanadyan kanthi resmi ingbursa komoditas donya, rega emas dicantumaké ing valuta dolar Amérika. Wangun panggunaan emas ing babagan monetèr lazimé wujud bulion utawa batangan emas ing manéka ékan bobot gram tekan kilogram.
 | Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniGold. |