Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Glenn T. Saeaborg
Glenn Theodore Seaborg (19 April1912–25 Fèbruari1999) (Glenn Teodor Sjöberg) inggih punika salah satunggaling kimiawanAmérikah Sarékat ingkang kagayut wonten ing pengenalan 9unsur transuranium (94 dumugi 102), lan piyambakipun njabat minangka ketuaKomisi Energi Atom Amérikah Sarékat saking1961 dumugi taun1971. Piyambakipun ugi dados penasihat présidhènAmérikah Sarékat wonten ing kabijakan ènergi nuklir, saking PrésidhènTruman dumugiClinton. Seaborg ugi kangungan sumbangan babagan pengendalian senjata nuklir. Seaborg minangka salah satunggaling tiyang ingkang tapak asmaFranck Report, lan piyambakipun ugi gadhah kontribusi babagan penerbitan perjanjian-perjanjian pengendalian nuklir sanèsipun, kados taLimited Test Ban Treaty,Nuclear Non-Proliferation Treaty, danComprehensive Test Ban Treaty.[1] Nalika taun1951 piyambakpiun pikantuk Bebungah Nobel Kimia[2] kaliyanfisikawanEdwin Mattison McMillan saking jasa-jasanipun manggihaken unsur-unsur transuranium, ingkang ngasilaken Konsep Aktinida, ingkang wonten ing pungkasan ngasilaken unsur-unsur aktinida wonten ing tabel periodik unsur, kados taberkelium,kurium,amerisium,plutonium, lan sanèsipun. Piyambakipun ugi manggihaken satunggaling unsur ingkang lajeng dipunsukani namaseaborgium, miturut namanipun piyambak.
Nalika taun1940Edwin M. McMillan, kabiyantu déningPhilip Abelson (lajengeditormajalahScience), ngandharakenfenomena penggabungannuklir ingkang dipunandharaken déningOtto Hahn lanFritz Strassmann taun1939. Kanthi spesifik, piyambakipun ngenali unsur ke-93,neptunium, ing antawising produk pemisahanuranium, ingkang dipunbombardir kaliyanneutron ingkang dipundamel sakingdeuteron migunakakensiklotron alit (27inchi) wonten ing Berkeley.Edwin McMillan ugi ngramalaken wontenipun unsur ke-94,plutonium, ingkang dipunprakirakaken saged kapanggihaken wonten ing antawising produk uranium kaliyan bombardemen deuteron langsung. Ananing, McMillan mendadak dipundhawuhi saperlu nggarap karya perang, inggih punika riset tèknologi radar, lan pungkasanaipun kagabung wonten ing programLos Alamos kanggé damel bom nuklir. Sabibaripun PD II, reputasi ilmiahipu minggah kanthi sumbangan pentingipun wonten ing téyori pemercepat partikel.
Seaborg lan para kancanipun, ingkang mendhet alih proyek McMillan[4], sabibaripun manggihaken plutonium kanthinomer massa 238. Panalitén lajengan ingkang medalaken produksiisotop 239 ingkang sakedhik sanget wonten ing awal1941.Plutonium-239 dipuntedahaken saged kapisah kaliyan bombardemen kaliyan neutron lendhek lajeng dados bahan énggal saéngga bom nuklir saged kadamel. Wiwit saking punika para ilmuwan nembé mangertosiuranium-235 kanggé ancas punika. Lajeng Seaborg kagabung kaliyan Proyek Manhattan saperlu makarya wonten ing rencana damel plutonium-239 kanggé bom, ingkang dipundhawahaken wonten ingNagasaki. Sadérngéipun perang pungkasan, piyambakipun ngéwahi kawigatosanipun wonten ing unsur transuranium lanjutan, ngembangaken kelompok transisiaktinida wonten ingtabel periodik. Wonten ingU.S. Atomic Energy Commission, Seaborg kathah kagayut wonten ing prakawis kendali senjata lan pengaturan nuklir, nyobi ngatur kekiyataninti atom bilih karya ilmiahipunsampun kaungkap. Wonten ing antawising para kimiawan piyambakipun bote biyasa nyerat sajarah pengembanganepik ing pundi Seaborg kagayut supados publik saged wicaksana saking pengalamanipun. KaliyanBenjamin S. Loeb piyambakipun nyerat serial sajarah, ingkang kapisanan inggih punikaKennedy, Khrushchev, and the Test Ban (1981).
Penemuan-penemuanipun ingkang sanès inggih punika isotopbesi, inggih punika Fe-59, ingkang dipun-ginakaken saperlu nyinaonihemoglobin wonten ing getih manungsa (kapanggihaken taun1937), isotopiodin, inggih punika I-131, dipun-ginakaken wonten ing usada lelara gondok.[5]