Getih (diucapaké:[gətih],[gəti],[gətɪh],[gətɛh];basa krama:rah utawaludira utawarudira) ikucuwèran kang ana ing kabèhkéwan tingkat dhuwur kang duwé fungsi ngirimaké dat-dat lan oksigèn kang dibutuhaké déningjaringan awak, ngangkud bahan-bahan kimia asilmetabolisme, lan uga minangka pertahanan awak sakavirus utawabakteri. Istilah medis kang ana gayutané kaliyan getih diwiwiti kanthi tembunghemo- utawahemato- kang asalé sakabasa Yunanihaima tegesé getih.
Inggegremet, getih (utawa kondhang minangkahemolimfe) ora kalibat ing parédharanoksigèn. Oksigèn ing gegremet diédharaké liwat sistém trakéa wujud saluran-saluran kang nyaluraké udara kanthi langsung nuju jaringan awak. Getih gegremet ngangkud dat nuju jaringan awak lan nyingkiraké bahan sisa métabolisme.
Ing kéwan liya, fungsi utama getih yaiku ngangkudoksigèn sakaparu-paru utawaangsang nuju jaringan awak. Ing getih kakandhuthemoglobin kang fungsiné minangka pangiket oksigèn. Ing sabagéan kéwan ora duwé balung mburi utawainvertebrata kang ukurané cilik, oksigèn langsung ngresep nuju njeron plasma getih amarga protéin panggawa oksigèné kalarut kanthi bébas. Hemoglobin wujud protèin pangangkut oksigèn paling éféktif lan ana ing kéwan-kéwan kang duwé balung mburi utawavertebrata.Hemosianin, kang wernané biru, ngandhuttembaga, lan digunakaké déning kéwancrustaceae. Nus migunakakévanadium kromagen (wernané ijo enom, biru, utawa kuning oranye).
Getih manungsa iku cuwéranjaringan awak. Fungsi mligi iku ngangkudoksigèn kang diperlokaké déning sel-sel saawak. Getih uga nyuplai jaringan awak kanthi nutrisi, ngangkud dat-dat sisa metabolisme, lan manéka warna bahan panyusunsistém imun. Tujuané ngreksa awak saka manéka warna lelara. Hormon-hormon sakasistém endokrin uga diédharaké liwat getih.
Getih manungsa wernané abang, antarané abang cerah yèn akèh ngandhut oksigèn tekan abang tuwa yèn kakurangan oksigèn. Werna abang ing getih disebabaké déninghemoglobin,protéin ambegan (respiratory protéin) kang ngandhutwesi ing wangunheme, kang wujud papan kaiketé molekul-molekul oksigèn.
Manungsa duwé sistém parédharan getih katutup kang tegesé getih mili ingpambuluh getih lan disirkulasèkaké déningjantung. Getih dipompa déning jantung nujuparu-paru kanggo mbuwang sisa metabolisme wujudkarbon dioksida lan nyerep oksigèn liwat pambuluharteri pulmonalis, banjur digawa bali nuju jantung liwatvena pulmonalis. Sawisé iku getih dikirimaké nuju kabèh awak déning saluran pambuluh getihaorta. Getih ngédharakéoksigèn nuju kabèh awak liwat saluran alus getih kang karan pambuluhkapiler. Getih banjur bali nujujantung liwat pambuluh getihvena cava superior lanvena cava inferior.
Getih uga ngangkud bahan bahan sisa metabolisme,obat-obatan lan bahan kimia asing nujuati kanggo diurèkaké lan nujuginjel kanggo dibuwang minangkauyuh.
Getih kapérang saka sapérangan jinis korpuskula kang mbentuk 45% péranganing getih. Pérangan 55% liyané wujud cuwéran semu kuning kang mbentuk medium cuwéran getih kang karanplasma getih.
Eritrosit ora duwénukleus sel ugaorganela, lan ora dianggepsel saka segi biologi. Eritrosit ngandhut hemoglobin lan ngédharaké oksigèn. Sel getih abang uga duwé peran ing panentongolongan getih. Penyakité wong kang kakurangan eritrosit ikuanemia.
Leukosit duwé tanggung jawab marangsistém imun awak lan tugasé musnahaké brang-barang kang dianggep asing lan mbebayani déning awak, umpamané virus utawa bakteri. Leukosit duwé sipat amuboid utawa ora duwé wangun kang tetep. Penyakit wong kang kaluwihan leukosit ikuleukimia, éwadéné penyakité wong kang kakurangan leukosit ikuleukopenia.
Tatu bisa njalari kélangan getih kang parah. Trombosit marakaké getih ngenthel, nutup tatu cilik, nanging tatu gedhé perlu rikat dirawat kanggo nyegah dumadiné kakurangan getih. Karusakan ing organ njero bisa njalari tatu njero kang parah utawahemorrhage.
Hemofilia wujud kalainan genetik kang njalari kagagalan fungsi ingpangenthelan getih sawijining wong. Akibaté, tatu cilik bisa mbebayani nyawa.
Leukemia wujud kanker ing jaringan awak pambentuk sel getih putih. Penyakit iki dumadi amarga kasalahan ing pawilahan sel getih putih kang njalari cacahé sel getih putih mundhak lan banjur mangan sèl getih putih kang normal.
Panggetihan gedhé, amarga kacilakan utawa dudu (kaya ing oprasi), lan uga lelara getih kayaanemia lanthalassemia, kang merlokakétransfusi getih. Sapérangan nagara duwébank getih kanggo nyukupi panyuwunan kanggo transfusi getih. Panampa getih perlu duwéjinis getih kang padha karo panyumbang.
Getih uga wujud salah siji "vektor" ing panularan lelara. Salah siji conto lelara kang bisa ditularaké liwat getih yaikuAIDS. Getih kang ngandhutvirusHIV saka makluk urip kang HIV positif bisa nular marang makluk urip liya liwat sentuhan antarané getih karo getih,sperma, utawa cuwéran awak makluk urip mau. Amarga panularan lelara bisa dumadi liwat getih, objèk kang ngandhut getih dianggepbiohazard utawa ancaman biologis.
Ing manéka warna kapentingan diagnosis lelara,tekanan getih duwé peranan kang wigati banget.
Ing téyoriAbad Pertengahan salah siji saka papat unsur awak, getih dikaitaké marang unsur geni lan ‘’riang’’ lan ‘’pelahap’’ kang dikenali minangka duwé pawatakan "berdarah".