Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Genghis Khan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Genghis Khan

Genghis Khan (basa Mongol: Чингис ХаанChinggis Khaan,IPA: [ʧiŋgɪs χaːŋ], Činggis Qaɣan; kurang luwih11621227) sing lair mawa jenengTemüjin (tegesé "tukang wesi"), ikuKhanMongolia lan kanthi anumreta diwèhi gelarKhagan ("maharaja" utawa "kaisar") saka kakaisaran Mongol, Karajan gedhé dhéwé sing gegandhèngan sing naté ana sajagad.

Dhèwèké munggah ing kakuwasan déné olèhé manunggalaké akèh suku-suku nomad ing Asia Lor-Wétan. Sawisé ngedegaké kamaharajan Mongol, dhèwèké olèh gelar "Genghis Khan". Banjur dhèwèké miwiti kawicaksanan pulitik jaban rangkah sing agrèsif. Saindhenging Asia Wétan lan Asia Tengah diinvasi. Pungkasané, isih nalika Genghis Khan urip, mèh sa-Asia kabèh dikuwasani déning bangsa Mongol.

Genghis Khan tilar donya ing taun1227 sawisé ngalahaké bangsa Tangut. Banjur dhèwèké dikubur ing sawijining kuburan sing ora ditandhani. Para katurunané banjur mbanjuraké ngambakaké kamaharajan Mongol saindhenging Asia lan Éropa déné nguwasani utawa nggawé vazal-vazal ing laladan-laladan sing jaman saiki péranganing China, Koréa, Kaukasus, Asia Tengah, Ruslan , Éropa Wétan lan Wétan Tengah.

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika,artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Genghis_Khan&oldid=1560600"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp