Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Gangsingan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Dolanan gangsingan.

Gangsingan, gangsing, gasing, gasingan, kèkèhan, iku jeneng dolanan tradhisional kang migunakaké gasing utawa kèkèhan. Gangsing digawé sakapring utawakayu. Ing tengah-tengahé ana bolongan cilik. Bolongan mau bakal muni seru yèn gangsing diputer mubeng.

Ana rong jinis dolanan gangsing iki. Sing paling aman yaiku suwé-suwénan mubengutawa banter-banteranswarané. Yèn péngin luwih nantang yaiku diadu. Ing antarané gangsing mau diadu lan sapa kang gangsingé pecah utawa rusak, yaiku kang kalah. Gangsing kanggo diadu iki ora ana bolongané lan digawé sakakayu, bisa kayu mlandhing (petai cina) utawa kayu liyané kang rada atos lan serat kayuné alus supaya ora gampang cuwil.

Kanggo muter gangsing mau dibutuhakétali, kang diaraniuwet. Tali dililitaké wiwit saka endhas, gulu nganti pundhaké gasing. Sawisé iku gangsing asor diuncalaké mengarep kanthi ngegèt, patrapé kaya nguncalaké balboling.

Banggalan

[besut |besut sumber]

Adu gangsing diaranibanggalan. Carané, wiwitan para juru main ngubengake gasing bebarengan, kang mandheg dhisik puteran gasingé kalah banjur dadi asor, yaiku muter gangsing kanggo dibanggal. Gangsing utawa kèkèhan kang dianggo banggalan racaké ing sisih ngisor dipasangi paku kanggo ngrusak (yèn bisa malah mecahaké) kèkèhan kang dibanggal.

Gangsingan sakaNgayogyakarta.

Sajeroning dolanan banggalan, gangsing asor kang wis diubengaké mau banjur dibanggal utawa diantem saka ndhuwur nganggo gangsing pambanggal, tujuané supaya ubengan gasing asor bisa mandheg utawa gasingé cuwil utawa rusak. Yèn gangsing pambanggal luput (kabuk) ngenani gangsing asor, pambanggal dianggep kalah lan sabanjuré ganti dadi asor. Yèn pambanggalé kena lan gangsing asor mandeg luwih dhisik ubengané, pambanggal dianggep menang lan gangsing asor kudu ngubengaké gangsingé manèh kanggo dibanggal.

Dolanan kang saemper

[besut |besut sumber]

Ana manèh dolanan liya kang saemper, kagawe saka kayu kang diaranipathon. Pathon iki kang ana ing laladan/basa liya diaranigasing.

Deleng uga

[besut |besut sumber]

Pranala jaba

[besut |besut sumber]
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gangsingan&oldid=1663136"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp