Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Gadho-gadho

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Aksara Latin
   
Pangolahan gado-gado lagi dicepakake.
Resep gado-gado

Gadho-gadho minangka salah sawijiningpanganan sing asalé sakaIndonésia awujudjanganan sing digodhog lan dicampur dadi siji nganggo sambel kacang (utawa sambel kang digawé sakakacang karo gula jawa sing diuleg), banjur diwènèhiendhog irisan. Umumé akèh sing nyampuraké kenthang godhog sing wis diuleg kanggo sambel gado-gado. Carané yaiku kenthang diolah bareng karo sambel kacangé. Sawisé sambel dicampuraké karo janganan mau, banjur diwénéhi bawang goreng, emping goreng, lan bisa uga krupuk.

Gadho-gadho bisa dipangan ngono waé nganggo sambel kacang, ananging uga bisa dipangan bebarengan karosega putih utawalonthong.

Sajarah

[besut |besut sumber]

Gadho-gadho ana molai nalika kasultananMataram kang dipimpinSultan Agung nyerbuBatavia iku kentèkan bahan panganan kaya ta wos. Saliyané iku lumbung-lumbung wos ing saubengané Batavia diobong déningVOC, saingga prajuritwarok sakaPanaraga kang ana ing pasukan perangé Sultan Agung gawé sambel pecel saka kacang, banjur disiramaké menyang jejanganan entah sing ana ing sawah kanggé panguripan saterusé wayah perang. Pakaryan iki ing basa Jawa diaraniGadho sing tegesé mangan tanpa sega utawa mangan mung lawuhé. Apa kang ditindakaké déning warok-warok iki ditutaké déning prajurit liyané, ya iku mangan jenanganan saanané banjur disiram bumbu sambel pecel.

Isiné

[besut |besut sumber]

Janganan

[besut |besut sumber]

Janganan sing digunakaké bisa manéka warna, ananging janganan sing asring digunakaké yaiku:

  • Ijo-ijo sing diiris alus kaya ta selada, kobis, kembang kol, kacang, buncis, lan togé.
  • Janganan liyané kaya ta wortel lan timun.
  • Tomat
  • Kenthang godhog sing diiris
  • Endhog godhog
  • Témpé
  • Tahu
  • Jagung

Janganan sing digunakaké yaiku sing isih mentah, kajaba endhog lan kenthang godhog. Ananging bisa uga kobis lan kembang kol mau digodhog dhisik utawa didang.kiri|jmpl| Isiné gadho-gadho.

Sambel kacang

[besut |besut sumber]

Salah sijiné sing mbédakaké gadho-gadho sakasalad janganan liyané yaiku sambel kacang sing digunakaké. Samubarang sing digunakaké kanggo nggawé sambel kacang bisa uga beda-beda, sing umum digunakaké yaiku:

  • Kacang sing wis diuleg
  • Bawang putih
  • Lombok
  • Mrica
  • Banyu jeruk nipis
  • Uyah
  • Lan gula jawa

Bisa uga diwénéhi:

Deleng uga

[besut |besut sumber]
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gadho-gadho&oldid=1642570"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp