Géologi iku ngèlmu sing nyinaoni kabèh aspèk sing ana gandhèngané kaliyanbumi. Géologi mula bisa dipadhakaké karo ngèlmu bumi.Géologi iku asal tembunge sakingbasa Yunani γη- (ge-, "bumi") lan λογος (logos, "kata"/"alasan")). Ilmu géologi iki mbahas bab fisik bumi sekabehe molai saking komposisine, struktur, sipat-sipat fisik,sajarah, nganti prosès pembentukane.
Tembunggéologi dienggo pertama-tama déningJean-André Deluc taun 1778 bar iku didadeke istilah baku déningHorace-Bénédict de Saussure taun 1779.
Saking ngèlmu iki wis bisa ditentokeumur Bumi sing yèn dietung kira-kira wis sakiwa-tengené 4.5 milyar (4.5x109) taun. Saking ngèlmu IKIUJU uga wong dadi paham yèn kulit bumi iku kesusun saking pecahan-pecahanlempeng tektonik sing bergerak terus ana ing nduwurmantel bumi. Saking ngèlmu iki uga bisa ditemokesumber daya alam ing jero bumi antarané:lenga bumi,batu bara, uga sing wujudémetal upamané:wesi,tembaga, lanuranium. Uga ana sing wujudémineral upamané:asbestos,perlit,mika,fosfat,zeolit,tanah liat,pumis,kuarsa,silika,wlirang,klorin, lanhelium.