Fungi duwé manéka wangun. Awam ngenal sapérangan gedhé anggota Fungi minangkajamur,kapang,khamir, utawaragi, sanadyan asring sing dikarepaké yaiku panampilan njaba sing katon, dudu spesiesé dhéwé. Kangèlan sajeroning nepungi fungi dijalari ananépagiliran keturunan sing duwé panampilan sing béda (èlingametamorfosis inggegremet utawakodhok).
Fungi tangkar-tumangkar kanthisèksual lanaseksual. Tangkar-tumangkar sèksual kanthi cara: lorohifa saka jamur sing béda nglebur tumuli mbentukzigot banjur zigot tuwuh dadi badan woh, éwadéné tangkar-tumangkaraseksual kanthi cara: mbentukspora, mawatunas utawafragmentasi hifa. Jamur duwé kothak spora sing karansporangium. Ing njero sporangium ana spora. Conto jamur sing mbentuk spora yaiku Rhizopus. Conto jamur sing mbentuk tunas yaiku Saccharomyces. Hifa jamur bisa kapurus lan saben fragmen bisa tuwuh dadi badan woh.
Fungi biyèn diklompokaké minangkatetuwuhan. Ing perkembangané, fungi dipisahaké saka tetuwuhan amarga akèh prakara sing béda. Fungi duduautotrof kaya ta tetuwuhan nangingheterotrof saéngga luwih cerak marangkéwan. Upaya ndadèkaké siji fungi karo kéwan ing golongan sing padha uga gagal amarga fungi ngejur panganané ing sanjabaning badan (èksternal), ora kaya kéwan sing ngejur panganané kanthi internal. Saliyané iku,sel-sel fungi duwédinding sel sing kasusun sakakitin, ora kaya sel kéwan.
↑Moore RT. (1980). "Taxonomic proposals for the classification of marine yeasts and other yeast-like fungi including the smuts".Botanica Marine.23: 361–73.