Frozen 2 (minangkaFrozen II ) ya iku filem fantasi animasi Amérika sing bakal diprodhuksi déningWalt Disney Animation Studios. Filem kaping58 sing diprodhuksi déning studio kasebut, ya iku terusan kanggo filemFrozen[1] tahun 2013, kang disutradarani déning Chris Buck lan Jennifer Lee, produser Peter Del Vecho, penulis lagu Kristen Anderson-Lopez lan Robert Lopez, lan komposer Christophe Beck. Lee uga bali dadi panulis layar, nyathet layar gambar saka crita kang digawé déning dhèwèké, Buck, Marc E. Smith, Anderson-Lopez lan Lopez. Sora swara saka Idina Menzel, Kristen Bell, Jonathan Groff, Josh Gad, lan Santino Fontana bali dadi karakter sadurungé, lan digabung karo pendatang anyar Sterling K. Brown, Evan Rachel Wood, Alfred Molina, Martha Plimpton, Rachel Matthews, lan Jason Ritter .
Frozen 2 dijadwalaké bakal dirilis déningWalt Disney Studios Motion Pictures tanggal 22 Novèmber 2019[2].
Telung tahun sakwisé kadadeyan ana ing filem kepisan, Elsa wiwit bisa ngrungokaké suwara aneh kang nyelukaké dhèwèké saka lor. Elsa, Anna, Kristoff, Olaf, lan Sven bareng-bareng lunga ninggalaké Arendelle kanggo nggolèki kekuwatané Elsa supaya bisa nylametaké krajaané.[3]