Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Franz Beckenbauer

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Franz Beckenbauer
Katrangan priangga
Jeneng dawaFranz Anton Beckenbauer
Posisi mainSweeper/Libero
Katerangan klub
Tim saiki
Pensiun
Karir nom
1959-1964Bayern München
Karir klub*
TaunTimMain (Gul)
1965-77
1977-80+1983
1980-82
Bayern München
New York Cosmos
Hamburger SV
396 (44)
105 (19)
28 (0)
Karir tim nasional
1965-77Jerman Ku;om103 (14)
Juru latih
1984-1990
1994+1996
Jerman Kulon
Bayern München

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi.


Franz Anton Beckenbauer (lair ingMünchen,Jerman,11 Sèptèmber1945 – pati7 Januari2024 ing umur 78 taun) inggih punika juru mainbal-balan saking nagariJerman, pelatih tim nasional Jerman, sarta tokoh organisasi bal-balanÉropah.[1][2]Franz angsal jejulukDer Kaiser ("Sang Kaisar") margi gayanipun nalika main bal ingkang saé lan anggun, saé anggènipun mimpin tim, lan dominasinipun ing lapangan minangkalibero.[1]Franz dados angguta tim nasionalJerman Kilen wiwit pungkasan taun1960-an ngantos pungkasan taun1970-an.[2] Nalika Jerman Kilen dados juaraPiala DuniaFIFA taun1974 panjenenganipun minangka kapten tim.[2] Franz lajeng dados pelatih tim nasional sasampunipun pensiun main bal.[2] Franz nglatih tim nasionalJerman lan kasil pikantuk juara Piala Dunia FIFA taun1990 ingItalia.[2]

Wekdal alitipun

[besut |besut sumber]

Beckenbauer lair nalika rampungipunPerang Donya II, putra nomer kalih saking Franz Beckenbauer, Sr. lan Antonie. Beckenbauer.[1][3] Beckenbauer ageng ing wewengkon Giesing lan wiwit gladhèn bal ing klub lokalSC Munich 06 nalika umur 13 taun.[3] Beckenbauer gadhah posisi minangka pangajeng utawistriker, Beckenbauer gadhah juru main bal favorit saking tim nasional Jerman Kilen,Fritz Walter lan njurung klub1860 Munich.[3] Nalika Beckenbauer langkung milih ndhèrèk klubBayern München, mengsahipun klub1860 Munich, amargi nalika wonten turnamen junior, klubipun Beckenbauer kepanggih kaliyan1860 Munich.[3] Nalika samanten klub1860 Munich main balipun langkung atos, saéngga Beckenbauer langkung milih klubBayern München.[3]

Karier klub

[besut |besut sumber]

Bayern München

[besut |besut sumber]

Franz Beckenbauer nglaksanakaken debut kaliyan klub Bayern nalika wonten liga regional kidul mengsah klubStuttgarter Kickers tanggal6 Juni1964.[3] Mangsa ingkang pisanan kaliyan klubBayern Munich, Beckenbauer main cacah 31 adu tandhing kanthi nglebetaken 16 gol.[3] Beckenbauer saged main bal kanthi saé lan impresif saéngga saged nyurung tim Bayern Munchen saged menangakenPiala Jerman lan angsal Piala Winners taun 1968/1969.[3]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcFranz Beckenbauer bio (dipunundhuh tanggal 10 Juli 2011)
  2. abcdeFranz Beckenbauer (dipunundhuh tanggal 10 Juli 2011)
  3. abcdefghUlrich Hesse-Lichtenberger. 2002.Tor! The Story of German Football. Jerman: WSC Books

Pranala njawi

[besut |besut sumber]
Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Franz_Beckenbauer&oldid=1715344"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp