Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Foton

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Foton kang dipancarake ing berkas koherenlaser

Foton yaikupartikel elementer ana ing fenomenaelektromagnetik.[1] Biasane foton dianggep sing ngawaradiasi elektromagnetik, kaya cahya, gelombang radio, lanSinar-X.[1] Foton béda karo partikelelementer liyané kayaelektron lanquark, amarga foton ora duwé bobot lan ana ing ruang vakum foton bisa obah karo kecepatan cahya,c.[1] Foton duwé sipat gelombang lan partikel ("dualisme gelombang-partikel").[1] Ana ingngèlmu fisika, Foton (sakabasa Yunani φως, ykang tegesécahya) yaikukuantum sakamedan elektromagnetik lan salah sijipartikel dhasar kang disinauni ingelektrodinamika kuantum (QED, Inggris:Quantum Electrodynamics) pérangan tuwa dhéwé sakaModel Standarfisika partikel.[1] Awujud gelombang, siji foton tunggal nyebar ana ing kabèh ruang lan nuduhake fenomena gelombang kayapembiasan lensa laninterferensi destruktif nalika gelombang dipantulake lan musnahake siji karo sijiné[1] Dadi partikel, foton mung bisa interaksi karo materi mindahke ènergi sakjumlah:

E=hcλ{\displaystyle E={\frac {hc}{\lambda }}},

tegesé yaikuh{\displaystyle h} yaiku konstanta Planck,c{\displaystyle c} yaiku laju cahya, lanλ{\displaystyle \lambda } yaiku dawa gelombange.[2][3] Saliyané ènergi partikel foton uga nggawamomentum lan duwépolarisasi.[2] Foton matuhi hukummekanika kuantum, kang tegesé yaiku besaran-besaran saka foton sok ora bisa diukur kanthi pas.[2] Biasane besaran-besaran sak foton dijabarake dadiprobabilitas ngukurpolarisasi,posisi, utawamomentum.[2] Tuladhané yaiku foton kang bisa ngeksitasi salah sijimolekul, sok ora bisa ngramalake sadurungé, molekul endi kang arep kena reksitasi.[2]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefLewis, GN (1926). "The conservation of photons".Nature.118: 874–875.
  2. abcdeIsaac Asimov (1966).The Neutrino, Ghost Particle of the Atom. Doubleday.
  3. Isaac Asimov (1968).The Universe From Flat Earth To Quasar. Avon Books.


Tandha stubArtikel fisika iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Foton&oldid=1549964"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp