Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Fosil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tuladha fosil kodhok
Isocrinus nicoleti

Fosil yaiku kabèh sisa, tipak, utawa cethakan sakamanungsa,kéwan,tuwuhan, kang kaawetake ing sajeroning watu saka wektugéologi utawaprasajarah ing jaman biyèn.[1][2] Isa diarani fosil yèn umuré wis ewunan taun.[2]Kanggo dadi fosil, sisa kéwan lan tuwuhan iku mau kudu katutup sedimen.[3]

Jinise Fosil

[besut |besut sumber]

Fosil ana pirang-pirang jinis, antarané yaiku:

1. Fosil kang wujudfragmen

Fosil jinis iki wujudé fragmen kang bisa owah lan ana uga kang tetep ora owah saka wujud asliné.

2. Fosil kang ora malih

Jinis fosil iki ora ana owah-owahane, tetep kaya wujud awalé.

3. Fosil kang owah

Ing fosil iki, wis ana owah-owahane, owah-owahane mau wujud:

  • Permineralisasi: péranganing organisme ana kang kaisi mineral sekunder saka njaba.
  • Replacement: material kang asli wis diganti déning material sekunder ing sajeroning fosil.
  • Rekristalisasi: material kang alus ing mineral asli nyusun manèh ing njero kristal kang luwih gedhé tinimbang material sadurungé.

4. Fosil tipak

Fosil tipak dibedake dadi:

  • rack, trail lanburrow

Track yaiku tipak kang wujud telapak,trail iku tipak kang wujud seretan,burrow iku tipak kang wujud dhudhukan saka organisme.

  • Mold, Cast, dan Imprint

Mold iku cethakan saka fosil kang larut kabèh, cast ikumold kang diisi mineral sekunder kang mbentuk mirib kaya fosil asli.

  • Cuprolite

Cuprolit iku fosil kang wujud telek kéwan. Saka telek iki bisa diteliti apa panganan, panggon urip, lan ukurane.

  • Fosil kimia

Fosil kimia iku fosil kang wujud wujud kima ing jaman purba, kaya tipak asem organik.

5. Fosil indeksFosil indek iku fosil kang minangka nuduhaké wektu géologi. Fosil iki ana 2, yaiku:

  • Fosil kang duwé wektu dawa: fosil ana ing jaman-jaman watu kang urut.
  • Fosil kang duwé wektu cendhak: fosil kang ana mung sawatara wektu, utawa ing sajaman watu, utawa mung ana ing sapérangan jaman.

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. www.artikata.com
  2. abPengertian FosilArchived 2011-03-13 at theWayback Machine.(diundhuh tanggal 26 Maret 2011)
  3. Palmer, Douglas. Buku saku:Fosil;alih basa,Yulin Lestari. Jakarta:Erlangga,2002.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Fosil&oldid=1656018"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp