Fornax (/[unsupported input]ˈfɔːrnæks/) inggih punika salah satunggalingrasi lintang ingkang mapan wonten ing belahan langit sisihkidul. Ingkang sepisanan paring nama rasi lintang punika inggihastronom sakingPrancis, inggih punikaNicolas Louis de Lacaille ing taun 1756. Fornax inggih punika salah satunggal saking 88 rasi lintang modhèren ingkang sampun dipuntemtokaken ngantos sapunika.
Rasi lintang Fornax gadhah laladan ingkang ambanipun kirang langkung 398 drajat persegi lan ngewrat tigang lintang ingkang dipunmangertosi minangkaplanit-planit. RAsi lintang Fornax saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +50° lan-90° lan badhé katingal ingkang saé piyambak manawi dipuntingali ing jam 9 dalu ing sasiDhésèmber.Fornax boten gadhah kathah lintang ingkang padhangipun langkung saking sekawan magnitudo. Lintang ingkang padhang piyambak wonten ing rasi lintang Fornax inggih punika lintangalpha Fornaci, ingkang ugi dipunsebatDalim lanFornacis. Lintang punika gadhah magnitudo 3,9 lan lintang jené ingkang salajengipun kanthi magnitudo 6,5. Lintang punikatebihipun kirang langkung 46 taun cahya saking bumi.[1]Beta Fornacis inggih punika lintang ingkang padhang piyambak nomer kalih wonten ing rasi lintang Fornax lan minangka lintang raksasa tipe G.
Wonten sapérangan objek langit pérangan lebet ingkang saged dipunmangertosi ing rasi lintang Fornax punika, ing antawisipun inggih punika wonten NGC 1316 ingkang minangka galaksi ekliptika ingkang tebihipun kirang langkung 70 milyar taun cahya, ingkang mapan wonten ing Kluster Fornax. Kluster galaksi ingkang paling sugih nomer kalih ingkang umuripun kirang langkung 100 milyar taun cahya. NGC 1316 inggih ugi kalebet pemancarradio ingkang padhang piyambak wonten inglangit.NGC 1097 inggih punika galaksi sppiral ingkang gadhah bolongancemeng ingkang gampil njeblug ing punjeripun, ingkang dipunkiteri déning lintang-lintang sanèsipun lan kalih satelit galaksi. Objek punika tebihipun kirang langkung 45 taun cahya.[2]NGC 1360 inggih punika satunggaling planit nebula ingkang katingal pader lan wujudipun elip lan gadhah dawa ingkang boten limrah.NGC 1365 inggih punika kalebet galaksi spiral ingkang dpunlarang kawontenanipun. Galaksi punika gadhah kalih lengen ingkang katingal cetha lan kalabet salah satunggaling galaksi ingkang paling ageng ing laladanipun.NGC 1398 inggih punika galaksi spiral ingkang alit kanthi nukleus ingkang padhang ingkang dipunkiteri déning kathah galaksi-galaksi sanèsipun ingkang lemah ing laladan punika.NGC 1427 inggih punika galaksi ingkang alit, boten aturan lan wernanipun radibiru, ingkang tebihipun 71 yuta taun cahya, ingkang sapunika nembé mlampah tumuju dhateng Kluster Fornax.