Type | Publik |
---|---|
Industry | Iklan ![]() |
Founded | 16 Januari1994 (sebagai Broadband Multimedia)16 Juni2007 (sebagai First Media) |
Headquarters | Kantor pusat diJakarta,Indonésia |
Products | Internetpita lebar,televisikabel, komunikasi data |
Website | www.firstmedia.com |
Tipe | TVkabelberlangganan |
---|---|
Nama sebelumnya | Kabelvision Digital1 |
Negara | Indonésia |
Diluncurkan | 8 September2007 |
Pemilik | PT First Media Tbk |
Grup | Grup Lippo |
Afiliasi | Astro Nusantara (tidak beroperasi) |
Situs web | www.firstmedia.com |
PT First Media Tbk (IDX:KBLV), sadurungé jenengéPT Broadband Multimedia Tbk, ya ikuperusahaanpublikIndonésia kang kadaftar ingBursa Efek Indonésia. First Media nyediakaké jasa layananinternetpita lebar,televisikabel, lan komunikasi data, kang kanthi sekabéhan kawanuhaké minangka "Triple Play". Jaringané nyakupiJabodetabek,Surabaya, lanBali.[1]
First Media wujud anak perusahaanGrup Lippo. First Media uga nyekel penuh kepemilikan sahamPT Ayunda Prima Mitra kang nguwasani 80% sahamPT Direct Vision, perusahaan kang ngoperasikake jasa televisi satelitAstro Nusantara. Astro Nusantara ora beroperasi manèh awit20 Oktober2008.
nalika taun2008, First Media duwé sakiwa-tengené 180.000 pelanggan internet lan sakiwa-tengené 130.000 pelanggan televisi. Jaringan serat optik First Media duwé dawa 2.597 kilomèter kang kasebar ing Jabodetabek, Surabaya, lan Bali. First Media nargètaké seyuta omah bakal dijangko jaringan dhèwèké sadurungé awal2009.
First Media diyasa nalika taun1994 kanti jeneng PT Broadband Multimedia Tbk. NalikaMaret1999, Broadband Multimedia wiwit masaraké déwéné kanthi komersial kanti mèrek dagangKabelvision, kang dipèloni ing taun-taun seterusé kanti peluncuranDigital1 lanMyNet.
Nalika16 Juni2007, Broadband Multimedia ngganti jenengé dadi First Media, lan ngluncuraké identitas lan mèrek anyar minangka penyedia layanan "Triple Play". Kabelvision lan Digital1 digabung ing ngisor produkHomeCable, sawentara MyNet dadiFastNet.
Nalika akirAgustus2007. Grup Lippo mbiwara kucuran investasi $650 yuta suwéné 4 taun mengarep marang First Media. Kucuran dana mau bakal diinvestasikaké marang layanan pengembangan konten lan blanja internet, TV kabel, HDTV, akses pita amba, layanan nirkabel, fasilitas pentimpanan data, sarta layanan telepon. Sajeroning kucuran dana mau, Grup Lippo nggandeng perusahaanShanghai Media Entertainment Group (liwat anak perusahaan STR),Cisco, lanMotorola kanggo pembangunan jaringan sarta pembiayaan proyek mau.[2]
Cithakan:Perusahaan-Indonésia-stubCithakan:TV-indo-stubCithakan:Telekomunikasi-stub