Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Ènzim

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih sakaEnzim)
Modhèl komputer enzim nukleosida purin fosforilase

Ènzim iku siji utawa sapérangan guguspolipeptida (protéin) kang duwé fungsi minangkakatalis (senyawa kang nyepetaké prosès réaksi tanpa entèk ngréaksi) ing sawijiningréaksi kimia. Carané kerja enzim yaiku nèmpèl ing sanjabanmolekul dat-dat kang lagi réaksi lan kanthi mangkono nambah cepeting prosès réaksi. Panyepetan dumadi amargi enzim ngedhunakéènergi pangaktifan kang banjur nggampangaké dumadiné réaksi. Sabagéyan gedhé enzim kerja kanthi cara khas, kang ateges saben jinis enzim mung bisa kerja ing samacemsenyawa utawaréaksi kimia. Iki amarga bédaningstruktur kimia saben enzim kang sifaté tetep. Minangka conto, enzimα-amilase mung bisa dipigunaaké ing prosès pangrombakanpathi dadiglukosa.

Perkara kang gegandhèngan karo enzim disinaoni ingenzimologi. Ing donya pendhidhikan dhuwur,enzimologi ora disinaoni dhéwé minangka sajurusan dhéwé nanging sagunggungan program studi maringaké mata kuliah iki.Enzimologi mligi disinaoni ingkadhokteran,èlmu pangan, tèknologi pangolahan pangan, lan cawang-cawang èlmutetanèn.

Kerja enzim diprabawai déning sapérangan faktor, mligi yaikusubstrat,suhu,kaasaman,kofaktor laninhibitor. Saben enzim merlokaké suhu lanpH (tingkat kaasaman) optimum kang béda-béda amarga enzim ikuprotèin, kang bisa ngalami owah-owahan wangun yèn suhu lan kaasamané owah. Ing sanjabaning suhu utawa pH kang selaras, enzim ora bisa kerja kanthioptimal utawa strukturé bakal ngalami karusakan. Iki bakal njalari enzim kèlangan fungsiné babar pisan. Kerja enzim uga diprabawai déning kofaktor lan inhibitor.

Saiki, enzim iku senyawa kang umum dipigunaaké ing prosèsprodhuksi. Enzim kang dipigunaaké lumrahé asalé saka enzim kang diisolasi sakabakteri. Panggunaan enzim ing prosès prodhuksi bisa ngundhakaké èfisiènsi kang bakal ngundhakaké cacahing prodhuksi.

Deleng uga

[besut |besut sumber]
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ènzim&oldid=1549280"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp