Emor (אֱמֹר —Ibrani kanggo "wicara", tembung kalima, lan tembung distinsif kapisan, ing parsyah kasebut) yaikuWacaan Torèt Saben Minggu (פָּרָשָׁה,parashah) ka-31 ing sikluswacaan TorètYahudi taunan lan kawolu ingKitab Kaimaman. Parsyah kasebut ngandhut aturan-aturan pemurnian kanggopara imam (כֹּהֲנִים,Kohanim), menyebuthari-hari raya, njelaske panyiapan kanggo padhang lan roti ing panggonan suci, lan nyritani crita penista lan hukumane. Parsyah kasebut ngleiputi Kaimaman 21:1-24:23. Wacaan kasebut nduweni ayat paling akeh (sanadyan dudu aksara utawa tembung paling akeh) saka wacaan Torèt ing Kitab Kaimaman, lan kalebu 6.106 aksara Ibrani, 1.614 tembung Ibrani, lan 124 ayat lan isa ngeliputi 215 baris ing Gulungan Kitab Torèt (סֵפֶר תּוֹרָה,Sefer Torah). (ParsyahVayikra nduweni aksara lan tembung paling akeh saka wacaan Torèt saben minggu ing Kitab Kaimaman)[1]
Yahudi umume maca iku ing wiwit Mei utawa kadhangkala pungkasa April.[2] Yahudi uga maca sabagean parsyah kasebut, Kaimaman 22-26 nganti Kaimaman 23:44 minangka wacaan Torèt wiwitan kanggo dina kapindhoPaskah Yahudi lan dina kapisan lan kapindhoSukkot.