Dushanbe (Basa Tajik:Душанбе,Duşanbe) ya iku kutha krajanéTajikistan lan mujudaké kutha sing paling gedhé ing kana. Dushanbe tegeséSenèn ingbasa Tajik.[2][3] Jeneng iku dijupuk saka salah sawijining désa sing duwé pasar sing ramé saben dina Senèn. Nganti taun 1929, kutha iki dikenal ingbasa Ruslan minangkaDyushambe (Rusia:Дюшамбе,Dyushambe), lan saka 1929 nganti 1961 dikenal minangkaStalinabad (Basa Tajik:Сталинобод,Stalinobod). Ngancik taun 2014, cacahé padunung ing Dushanbe wis ana 778.500 wong.
Dumunung ing tempurnaning rong kali, Varzob lan Kofarnihon, Dushanbe iku minangka kutha krajané nagara Tajikistan. Sanajan sisa arkéologi titimangsané saka abad ka-5 SM wis ditemokaké ing laladan kono, Dushanbe tetep dianggep minangka wewengkon sing ora luwih saka désa cilik nganti awal abad ka-20.
Ing taun 1676, ana tulisan sing kawitan sing nyebutaké ngenani désa Dushanbe. Tulisan iku ana ing prapatan, papané bazar dianakaké sabne dina Senèn, mula saka iku, jenengé dadi Dushanbe-Bazar (Basa Tajik:Душанбе Бозор,Dushanbe Bozor)[4] sakaDushanbe, kang tegeséSenèn ingbasa Pèrsi, sing kanthi barès tegesé - dina kapindho (du) sawisé Setu (shambe - wusanané saka basa Shabbat Ibrani - שבת, bokmenawa saka Yunani Byzantium σάμβατον).[butuh sitiran]Ing désané, ana luwih saka 500 somah lan padunung cacah 8.000 wong.
Ngancik taun 1826, kutha iki dijuluki Dushanbe Qurghan (Basa Tajik:Душанбе Қурғон,Dushanbe Qurghon, kanthi panambang qurƣon sakabasa Turkiqurğan, tegesé "bètèng") Russified minangkaDyushambe (Дюшамбе). Gambar bumi sing pisanan nuduhaké yèn Dyushambe iki digambar ing taun 1875. Ing wektu iku, kutha iki wujud bètèng ing ledhokan ana pinggiring Kali Varzob kanthi padunung cacah 10.000.
Ing taun 1920, Amir ing Bukhara sing pungkasan wis tau ngungsi marang Dyushambe sawatara wektu, sawisé kalengseraké saka kaprabon déning révolusi Bolshevik. Dhèwèké lumayu menyang Afghanistan sawiséWadyabala Abang nélukaké wewengkon iki ing taun sabanjuré.[butuh sitiran] Ing wiwitané taun 1922, kutha iki dikuwasani déning manggalané wadya Basmachi, ya iku Enver Pasha. Nanging ing 14 Juli 1922 wewengkon iki dikuwasani manèh déning para Bolsheviks lan dinyatakaké minangka kutha krajané Républik Sosialis Sovyèt Otonom Tajik minangka péranganing Républik Sosialis Sovyèt Uzbèk ing taun 1924.
Républik Sosialis Sovyèt Tajik sing kapisah saka USSR Uzbèk SSR iki diyasa ing taun 1929, lan kutha krajané Dyumshambe salin jeneng dadi Stalinabad (basa Ruslan:Сталинабад; basa Tajik:СталинободStalinobod) kanggo ngajèni Joseph Stalin ing 16 Oktober 1929. Ing taun sabanjuré, kuthané tuwuh kanthi rikat.
Wong Sovyèt ngowahi wewengkon kuwi dadi punjering pambudidaya kapuk lan sutra, kanthi puluhan éwu wong pindhah menyang kutha. Cacah jiwané uga tambah mundhak sawisé éwon wong Tajik pindhah marang Tajikistan sakwisé Bukhara lan Samarkand dadi pérangané Uzbek SSR amarga anané delimitasi nasional ing Uni Sovyèt.[5]
Ing 10 Novèmber taun 1961, Stalinabad salin jeneng manèh dadi Dushanbe nganti sapréné.
↑D. Saimaddinov, S. D. Kholmatova, and S. Karimov,Tajik-Russian Dictionary, Academy of Sciences of the Republic of Tajikistan, Rudaki Institute of Language and Literature, Scientific Center for Persian-Tajik Culture, Dushanbe, 2006.
↑"Directory: World Airlines."Flight International. 30 March-5 April 2004.78. "Titov Street 31/2, Dushanbe Airport, Dushanbe, 734006, Tajikistan."
↑"ContactsArchived 2013-01-29 at theWayback Machine. Error in webarchive template: Check|url= value. Empty.."Somon Air. Retrieved on 4 December 2010. "Contacts: 40, Titova Str. Dushanbe, Tajikistan, 734012."Address in TajikArchived 2013-01-29 at theWayback Machine. : "734012, Таджикистан, Душанбе, ул. Титова, 40""Archived copy". Diarsip sakasing asli ing 29 Januari 2013. Dibukak ing2010-12-04.{{cite web}}:Unknown parameter|dead-url= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)CS1 maint: archived copy as title (link)|dead-url=bot: unknown ora sah (pitulung)