Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Durèn

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih sakaDurén)
Durèn
Barkas:Dhurèn.jpg
Durèn
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Plantae
Unranked:Angiospermae
Unranked:Eudicots
Unranked:Rosids
Ordho:Malvales
Famili:Malvaceae
Subfamili:Helicteroideae
Tribe:Durioneae
Génus:Durio
L.
Spesies

Saiki ana 30 spésies kang diakoni {pirsani tèks)

Sinonim

LahiaHassk.[1]

Durèn iku kalebutuwuhanwoh-wohan kang wujudwit. Sebutane durèn diprakirakaké saka istilahMalayu yaiku saka tembungduri kang diakhiri panambang-an saéngga dadidurèn.[2] Tembung iki mligi kanggo nyebut woh kang kulite duwéeri kang lancip-lancip.[2]

Wit durèn kalebu jinis familiBombaceae, bangsane wit kapuk-kapukan. Sing umum ingaran durèn yaiku wit saka marga (gènus)Durio,Nesia,Lahia,Boschia, lanCoelostegia.[2]

Sajarah

[besut |besut sumber]

Tuwuhan durèn asalé saka alasMalaysia,Sumatra, lanKalimantan.[2] Panyebarane durèn menyang arah kulon yaiku ingThailand,Birma,India, lanPakistan. Woh durèn wiwit ngrembaka ingAsia Kidul-wétan kawit abad 7 M.

IngIndonésia, wit durèn ana ing kabéh pelosokPulo Jawa lanSumatra. IngKalimantan lanPapua lumrahé ana ing alas, pinggir kali. Ing donya, wit durèn nyebar marang sakabéhaneAsia Kidul-wétan, sakaSri Lanka,India sisih kidul ngantiNew Guenea. Durèn legi rasané.[2]

Dasanama

[besut |besut sumber]

Ana akèh jeneng lokal. Jeneng paling akèh tinemu ingKalimantan, kang ngacu marang manéka variyetas lan spésies kang béda. Durèn ingSumatra ditepungi minangkadurèn (padha karobasa Indonésia) landuren (basa Gayo). Ing tlatah Jawa, durèn (basa Jawa,basa Batawi) lankadu (basa Sundha). IngSulawesi, wongManado nyebut woh iki minangkaduriang, sauntara wongToraja nyebutduliang. IngPulo Seram pérangan wétan ingaranrulen.[3]

Dhéskripsi

[besut |besut sumber]
Wit durèn {kiwa} lan pepagan (tengen).
Godhong durèn.
Kembang durèn.

Wittaunan,ijo langgeng (panggugurangodhong ora gumantung mungsa) nanging ana wektu tinentu kanggo nuwuhaké godhong-godhong anyar (kalamangsaflushing utawa paronan) kang dumadi sawisé mangsa awoh rampung. Tuwuh dhuwur bisa nganti 25–50m gumantung spésiyése,[4] wit durèn asring duwébanir (oyot papan).Pepagan (kulit batang) awerna coklat semu abang, nglothok ora aturan.Tajuké rindhang lan renggang.

Godhong awangun jorong nganti lansét, 10-15(-17)cm × 3-4,5(-12,5) cm; manggon seling-seling; mawa tangké; pangkale lancip utawa tumpul lan pucuke lancip nglandhai; sisih ndhuwur warna ijo padhang, sisih ngisor katutup sisik-sisik warnapérak utawakaemasan kanthi wulu-wulu lintang.[5]

Kembang (uga wohé) muncul langsung saka batang (cauliflorous) utawa pang-pang kang tuwa ing pérangan pangkal (proximal), maklompok sajeroning karangan isi 3-10 kuntum awanguntukal utawa malai rata. Kuncup kembange mbunder, watara 2 cm diametere, mawa gagang dawa. Kelopak kembang wangun tabung sadawané lk. 3 cm, godhong kelopak tambahan kapecah dadi 2-3 cuping awangun bunder endhog. Makutha wangunsudip, kira-kira 2× dawané kelopak, cacahé 5 helai, wernané semu putih.Benang sariné akèh, kapérang dadi 5 dhompol; endhasputiké mbéntuk bongkol, kanthi gagang mawa wulu.[5] Kembang muncul saka kuncupdorman, megar nalika wayah soré lan tahan nganti sapérangan dina. Nalika awan kembang nutup. Kembang iki nyebaraké aroma wangi kang asalé sakaklanjernektar ing pérangan pangkalé kanggo narik kawigatènlawa minangka panyerbuk mligi.[6] Kajian ing Malaysia nalika taun 1970-an nuduhaké yèn panyerbuk durèn yaiku lawaEonycteris spelaea. Panlitèn taun 1996 luwih adoh nuduhaké yèn kéwan liya, kaya ta manuk madu Nectariniidae lan lebah mèlu uga sajeroning panyerbukan telung krabat durèn liyané.[4][7]

Woh durèn duwé jinis kapsul wangunbulet,bulet endhog ngantilonjong, kanthi dawa tekan 25 cm lan diameter tekan 20 cm.[5] Kulit wohé kandel, lumahané mawa pojok tajem ("mawa eri", mula diarani "durèn", sanajan iki dudueri sajeroning pangertènbotani), awerna ijo semu kuning, semu coklat, nganti semu klawu.

Woh ngrembaka sawisépambuahan lan merlokaké 4-6 sasi nganti mateng. Nalika mangsa pamatengan dumadi pasaingan antarwoh ing sawijining golongan, saéngga mung siji utawa sapérangan woh kang bakal mateng, lan sisané palastra. Woh bakal tiba dhéwé yèn wis mateng. Lumrahé bobot woh durèn bisa nganti 1,5 tekan 5kilogram, saénggakebon durèn dadi kawasan kang mbebayani nalika mangsa durèn. Yèn tiba ing sandhuwuré sirah sawijining wong, woh durèn bisa njalari tatu abot utawa malah pepati.

Saben woh duwé lima ruwang (awam ngarani "kamar"), kang nuduhaké akèhégodhong woh kang diduwèni. Saben ruwangan kaisi déning sapéranganwiji, lumrahé telung butir utawa luwih, lonjong tekan 4 cm dawané, lan wernané jambon semu coklat ngilap. Wiji kawungkus déning arilus (salut wiji, kang biyasa diarani "daging woh" durèn) awerna putih tekan kuning padhang kanthi kakandelan kang manéka variasiné, nanging ingkultivar unggul kakandelan arilus iki bisa tekan 3 cm. Wiji kanthi salut wiji sajeroning padagangan diaraniponggè.Pemuliaan durèn diarahaké kanggo ngasilaké wiji kang cilik kanthi salut wiji kang kandel, amarga salut wiji iki wujud pérangan kang dipangan. Sapérangan variétas unggul ngasilaké woh kanthi wiji kang ora ngrembaka nanging kanthi salut wiji kandel (diarani "sukun").

Budidaya lan panangkaran

[besut |besut sumber]

Papan kang cocog kanggo nandur durèn[2]

[besut |besut sumber]

Wit durèn cocogé ditandur ing lemah kang subur (lemah kang sugih unsur organiké). Lemah kang cocog kanggo durèn yaiku jinis lemah grumosol lan andosol. Lemah kang duwé titikan warnanéireng rada klawu, struktur lemahé kang lapisan ndhuwur yaiku lemah remukan, sisih lapisan sakngisoré awujud gumpalan, lan duwé daya serepbanyu kang gedhé. Drajat keasamané lemah kang cocog kanggo durèn yaiku (pH) 5-7, kanthi pH optimum 6-6,5.

Wit durèn kalebu wit taunan kang duwé oyod jero, saéngga mbutuhaké banyu kang cukup. Dhuwuré ora éntuk punjul 800 m dpl. Nanging ana uga wit durèn kang cocog ditandhur ing panggonan kang dhuwur.

Panangkaran

[besut |besut sumber]
Winih durèn (D123/kultivar Chanee) umur 8 sasi, ditandur ing Uppsala, Swèdhen sasi April 2006.

Panangkaran durèn ing désa-désa lumrahé kanthi migunakakéwiji. Panangkaran mawa wiji uga dilakokaké kanggo éntuk batang ngisor sajeroningpanangkaran vegetatif. Wiji durèn asifatrecalcitrant, mung bisa urip kanthi kadar banyu dhuwur (sandhuwuré 30% bobot) lan tanpaperlakuan tinentu mung bisa tahan seminggu sadurungé akiréembrioné mati. Kanthi mangkono wiji kudu énggal disemai sawisé wohé dibukak.

Wit durèn wiwit awoh sawisé 4-5 taun, nanging sajeroning budidaya bisa dicepetaké yèn migunakakéwinih asilpanangkaran vegetatif. Tèknik-tèhnik kang dipigunakaké yaiku pancangkokan (arang dilakokaké), panyusuan (arang dilakokaké), panyambungan sandhing (inarching), panyambungan celah (cleft grafting), utawa okulasi (budding).[3] Tèknik kang pungkasan iki saiki kang paling akèh dilakokaké. Sapérangan penangkar saiki uga ngetrepaképanyambungan mikro (micrografting). Tèknik iki dilakokaké nalika batang ngisor isih enom umuré saéngga nambah rikat mangsa tunggu. Kacathet yèn durèn asil panangkaran vegetatif bisa ngembang sawisé 2-3 taun.

Durèn uga mungkinaké ditangkaraké kanthiin vitro (kultur jaringan).

Ama lan lelara

[besut |besut sumber]

Ama kang nyerang durèn ing antarané yaiku uler panggèrèk woh (gala-gala), uler panggèrèk kembang, lankutu loncat durèn (ngisep cuwèran godhong enom).[3]

Lelara utama durèn yaiku busok oyot lan batangPythium complectens, mati bibit (uga déning patogèn kang padha), lelara blendok/kankerPhytophthora palmivora, lanjamur upas kang nyerang batang/pang.[3][8]

Karagaman

[besut |besut sumber]

Variétas durèn ing Indonésia

[besut |besut sumber]

Ing ngisor iki dhaftar variétas durèn (D. zibethinus) ing Indonésia:[9]

No.Jeneng varietasDhaérah asalKarakteristik daging woh
1.EmasPandeglang,Jawa Kulonkandel, warnané kuning rada kaemasan, manis, tèksturé garing
2.HepePandeglang, Jawa Kulonkandel, warnané kuning pucet, manis, tèksturé garing
3.Si kuningPandeglang, Jawa Kulonmanis, tèkstur garing, wijiné gedhé
4.Si bobokoSerang, Jawa Kulonkandel
5.Si bongkokSerang, Jawa Kulonkandel lan duwé aroma kang tajem
6.Si literSerang, Jawa Kulonwernané kuning pucet lan ora mambu
7.MatahariCianjur, Jawa Kulonkandel lan manis
8.BokorCianjur, Jawa Kulonkandel, kuning, manis, tèksturé garing, wijiné cilik
9.GandariaSukabumi, Jawa Kulonkandel, manis, pulen, tèksturé garing
10.PetrukJepara,Jawa Tengahkandel, manis, kuning, seraté alus, lan wijiné cilik
11.VeraSemarang, Jawa Tengahkandel, kuning, manis, arum, tèksturé garing
12.BuburSemarang, Jawa Tengahkandel, putih, manis, tèksturé lembèk kaya bubur, lan wijiné gedhé
13.Kopek/KempisSemarang, Jawa Tengahkandel, kuning kaemasan, aromané tajem, wijiné cilik
14.KendiSemarang, Jawa Tengahkuning cerah, manis, arum, tèksturé garing
15.KerikilSemarang, Jawa Tengahkuning semu putih, manis, tèksturé lembèk
16.MenorèhYogyakartakandel, kuning cerah, manis rada pait, arum, tèksturé garing
17.SukunMalang,Jawa Wétankandel, garing, tèksturé alus, putih rada kuning, manis, lan duwé wiji siji
18.SunanMalang, Jawa Wétankandel, garing, tèksturé alus, manis, arum, lan wijiné cilik
19.BajulMalang, Jawa Wétan
20.Dhépok 1Malang, Jawa Wétankandel, kuning rada putih, manis, aromané tajem
21.Dhépok 2Malang, Jawa Wétankandel, kuning kaputihan, manis, aromané tajem
22.SimasMalang, Jawa Wétankuning pucet, manis, tèksturé garing
23.Sukarno/AjimahMalang, Jawa Wétan
24.BidoJombang, Jawa Wétankandel, manis rada pait, tèksturé garing
25.WonosalamMojokerto, Jawa Wétankandel, kuning, manis, tèksturé garing
26.BestalaBuleleng,Balikuning padhang, manis, aromané kuwat, tèksturé garing
27.JeringBuleleng, Balirada kapérakan pucet, manis rada pait
28.GlosoBuleleng, Balimanis, tèksturé garing
29.SetapakPasaman,Sumatra Kulonkandel, kuning pucet, manis, aromané tajem, tèksturé garing
30.BelimbingPasaman, Sumatra Kulonkuning, manis, tèksturé garing
31.JantungPasaman, Sumatra Kulonkuning, manis, aromané kurang kuwat, lembut, wijiné gedhé
32.Sari KampihTanah Datar, Sumatra Kulonkandel, kuning kusem, manis, tèksturé garing
33.BantalBengkulukandel, putih rada kapérakan, manis
34.TembagoBengkulukandel, kuning tembaga, manis
35.MentégaBengkulukandel, kuning padhang, manis
36.LepotKutai Kulon,Kalimantan Wétankandel, manis, tèksturé garing
37.GajahManado,Sulawesi Lorkuning
38.MentégaManado, Sulawesi Lorkandel, wernané rada kuning, manis, tèksturé garing
Varietas lokal (kiwa) lan klon D101 (tengen)

Kultivar unggul saka manca

[besut |besut sumber]

Ing Malaysia, kultivar durèn unggul asil selèksi diwènèhi kodhe nomer kanthi abjad D ing ngarepé. Sapérangan ing antarané yaiku

  • 'D24'
  • 'D99'
  • 'D123'
  • 'D145'
  • 'D158'
  • 'D159' (klon padha karo varietas 'Montong').
  • 'D169'

Paédah

[besut |besut sumber]

Saliyané wohé kanggo panganan kang seger lan kanggo olahan liyané, pérangan liya saka durèn uga duwé paédah kanggo kauripanmanungsa[2]. Wit-witané bisa kanggo nyegah érosi ing lahan utawalemah kang miring.Kayuné bisa kanggo bahan yasan utawa perkakasrumah tangga.Wijiné kang duwé kandhunganpati kang gedhé, duwé potènsi kanggo alternatip panganan. Sauntara kulité bisa dimupangataké kanggo awu gosok, carané dipépé nganti garing lan dibakar nganti remuk.

Durèn ing Indonésia

[besut |besut sumber]

Dilapuraké, saka watara 27 jinis durèn ing alam donya, 18 jinis ing antarané thukul ingKalimantan, 11 jinis ingMalaysia, lan 7 jinis ingSumatra.[10] Akèhé jinis durèn ing Kalimantan duwé gambaran manawa tlatah iki dadi sentra wigati utawa punjer kanggo panyebarané durèn.[11] IngIndonésia bisa tinemu jinis durèn kang pirang-pirang warna ana kang béda ing rasané, aromané, lan warna daging wohé (isiné), uga ana durèn kang ora ana wijiné.[11]

Durèn kalebu komoditas woh-wohan kang duwé pangaji ékonomis ing pasaran.[11]Indonésia ing taun 1985/1986 dilapuraké dadi nagara pangasil durèn paling akèh nomer loro sawiséThailand, yaiku ngasilaké 200.000 ton[12]. Nanging saiki Indonésia malah ngimpor woh-wohan saka Thailand, kalebu uga durèn.[11] Masalah iki disebabaké amarga kualitas durèn Indonésia luwih cilik ketimbang durèn saka Thailand. Kamangka Indonésia, mligi Kalimantan iku dadi punjer panyebarané durèn.[11]

Panganan Saka Durèn

[besut |besut sumber]

Akeh panganan kang duwé bahan dhasar Durèn, kaya ta ager-ager rasa durèn, ès durèn nganti sop durèn. Sop durèn wis wiwit kondhang ing salah sawijining tlatah kaya ta Dhépok kan Jakarta. Ana salah sawijining warung ès kang nyepakaké sop durèn kanggo pelanggané. Sop durèn iku mau duwé peranganing jeni; ana sop duren ketan, sop duren klapa, sop duren roti, sop duren keju lan liya-liyané. Sop duren kang kondhang ing kutha Dhépok ana ing dalam Margondha. Regané sop durèn iku mau mung Rp 8.000,-nganti Rp 12.000,-.

Sop Durèn

Deleng uga

[besut |besut sumber]

Cathetan sikil

[besut |besut sumber]
  1. "Durio L."Germplasm Resources Information Network.United States Department of Agriculture. 2007-03-12. Dibukak ing2010-02-16.
  2. abcdefgDurianArchived 2017-06-05 at theWayback Machine.(diundhuh tanggal 15 April 2011)
  3. abcdDurian. Petunjuk Budidaya dari PT Pusri.[pranala mati permanèn]
  4. abBrown, Michael J. (1997).Durio — A Bibliographic Review(PDF). International Plant Genetic Resources Institute (IPGRI).ISBN 92-9043-318-3. Dibukak ing2008-11-20.
  5. abcVerheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997.Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta.ISBN 979-511-672-2. Hal. 192-198.
  6. Whitten, Tony (2001).The Ecology of Sumatra. Periplus. kc. 329.ISBN 962-593-074-4.
  7. Yumoto, Takakazu (2000). "Bird-pollination of Three Durio Species (Bombacaceae) in a Tropical Rainforest in Sarawak, Malaysia".American Journal of Botany.87 (8): 1181–1188.doi:10.2307/2656655.
  8. Pythium vexansArchived 2013-05-17 at theWayback Machine. di laman Widely Prevalent Fungi
  9. Paimin, F.R. dan E. Syariefa. 2003.Durèn incaran berbagaidaerah. TRUBUS 398 (halaman 18-19)
  10. Kostermans, A.J.G.H. 1958.The gènus Durio Adans. (Bombac.). Reinwardtia (kaca 47-153)
  11. abcdeBuletin Plasma Nutfah Vol.11 No.1 Th.2005 (kaca 28)
  12. Subhadrabandhu, S., J.M.P. Schneemann, and E.W.M.Verheij. 1991.Edible Fruits and Nuts. Plant Resources of South-East Asia (PROSEA). Netherland: Pudoc

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Weruhi luwih akèh bab
Durèn
ingproyèk saduluré Wikipédia
Bedhah WiktionaryAndharan saka Wikibausastra
Bedhah CommonsMédhia saka Commons
Bedhah WikinewsWarta saka Wikinews
Bedhah WikiquoteCuplikan saka Wikiquote
Bedhah WikisourceTèks saka Wikisource
Bedhah WikibooksBuku tèks saka Wikibooks
Bedhah WikiversityMatèri sinau saka Wikiversity
Deleng Uga Woh-wohan

Anggur

Apel

Apokat

Asem

Bléwah

Blimbing

Blimbing wuluh

Cempedak

Barkas:Dhurèn.jpg
Durèn

Dhondhong

Dhuku

Dhuwet

Gedhang

Jambu

Jeruk

Katès

Kesemek

Klapa

Klèngkèng

Manggis

Nangka

Nanas

Pelem

Rambutan

Salak

Sawo

Semangka

Srikaya
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Durèn&oldid=1706098"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp