Dorado (/[unsupported input]dɒˈreɪdoʊ/) inggih punika salah satunggaling jinisrasi lintang ingkang mapan wonten ing belahan langit sisihkidul. Rasi lintang punika dipunparingi nama ing pungkasaningabad kaping enem welas lan sapunika ugi kalebet salah satunggal saking 88 rasi lintang modhérn. Nama "Dorado" inggih jumbuh kaliyandolphinfish (Coryphaena hippurus), ingkang dipunsebat ugidorado ing basaSpanyol. Dorado inggih ngewrat kathahawan agengMagellanic, ingkang ugi badhé kaemut-emut kaliyan rasi lintangMensa. Kutub eliptik kidul ungi mapan sesarengan ing rasi lintang punika.
Dorado inggih punika salah satunggal saking kalih welas rasi lintang ingkang dipunparingi nama déningPetrus Plancius saking asiling observasiPieter Dirkszoon Keyser lanFrederick de Houtman,[1] lan rasi lintang punika sepisanan dipunketingalaken ing globe langit kanthi diameter 35 cm ingkang dipunwedalaken ing taun1597 (utawi1598)) ingAmsterdam déning Plancius kaliyanJodocus Hondius. Rasi lintang Dorado ugi sepisanan dipungambaraken wonten ing atlas langit wonten ingUranometria kagunganipunJohann Bayer ing taun1603 kanthi nama Dorado. Dorado ugi nggambaraken sujarah satunggaling iwaklumba-lumba lan iwak pedhang.{{sfn|Staal|1988|p=244} Rasi lintang punika ugi dipungambaraken minangka iwak emas.[1] Rasi lintang punika ing abad laping pitulas lan wolulas ugi dipunmangertosi minangkaXiphias, ingkang tegesipun iwak pedhang.
Rasi lintang Dorado gadhah tlatah ingkang ambanipun kirang langkung 179 drajat persegi lan ngewrat kalih lintang ingkang dipunmangertosi minangkaplanit-planit. RAsi lintang punika mapan wonten ing garis lintang antawisipun +20° lan-90° lan ingkang saé piyambak dipuntingali ing wekdal jam 9 dalu ing salebeting sasiJanuari. Dorado ngewrat awan agengMagellanic makaten ugi kanthi wontenipunSouth Eliptic Pole.Lintang ingkang padhang piyambak wonten ing Dorado inggih punika lintangalpha Doradus, satunggaling sistem lintang kanthi sub raksasabiru lan komponèn ingkang paling baku wonten ing lintang punika inggih gadhah konsèntrasi inggil sakingsilicon.Lintang ingkang padhang piyambak nomer kalih inggih punikabeta Doradus, ingkang kalebet bintang variabel kanthi tipe spektral wiwit saking wernanipunjene ngantos gantos dadospethak lan kanthi tingkat padhangipun wiwit super raksasa ngantos raksasa pandhang sanget.Gamma Doradus inggih punika prototipe saking jinis lintang variabel kanthi tingkat padhangipun ingkang langkung variatif ingkang dipunjalari déning wontenipun non radial osilasi gelombang garavitasi.Lintang sanèsipun ingkang wonten ing Dorado inggih punikaR Doradus, inggih punika raksasa variabel warnaabrit ingkang dipunpitados minangkang lintang ingkang paling amba dipuntingali sakingbumi. Lan ugi lintang HE 0437-5439.
Awan agengMagellanic ngewrat kirang langkung 400 planitnebula, 700 kluster lintang kebika, 60globular kluster lan atusan ngantos ewunan jinis raksasa lan super raksasa.Salah satunggaling nebula ingkang kapanggih wonten ing awan punika inggihTarantula Nebula, ingkaxng ugi dipunmangertosi minangka NGC 2070 utawi '30 Doradus. Kanthi gadhah magnitudo 8, Tarantula Nebula dipunpitados saged dados satunggaling lintang. Tarantula Nebula mapan wonten ing papan ingkang tebihipun 180.000 taun cahya.