Dominique Strauss-Kahn utawa luwih misuwur karo "DSK" (lair ingNeuilly-sur-Seine,Paris,Prancis,25 April1949; umur 76 taun) ya ikuékonom,pengacara, lanpulitikus saka Prancis lan uga dadi anggotaParté Sosialis.[1] Dhèwèké asalé saka ètnis Yahudi Sephardic lan Ashkenazic.[1] Periode 1951-1960, dhèwèké manggon ingAgadir,Maroko.[1] Sawisé kadadéan lindhu ana ing Maroko, dhèwèké pindhah menyangMonako nalika taun 1960.[1] Dhèwèké balik menenh menyang Paris lan lumebu ingSMA nganti tekan olèh gelar Ph.D ana ing babagan ngèlmu ékonomi lan ukum sakaUniversiti Paris X (Nanterre).[2] Saliyané gabung karo Persatuan Pelajar Kuminis, dhèwèké uga mèlu gabung ana ing Pusat Studi lan Riset Wiyata Sosialis (CERES). Periode 1977-1982, dhèwèké dadi guru mikroékonomi lan makroékonomi ing University of Nancy-II (1977-1980), École nationale d'administration (ENA), lan nampa gelar guru besar ékonomi ing Sciences-Po.Dhèwèké olèh gelarDhoktor ana ing babaganÉkonomi sakaUniversitas Paris lan dhèwèké banjur makarya dadiasistèn profésor ana ing universitas iku.[2] Taun1978, Universitas Paris ndadèkaké dhèwèkéProfessor dengan tenure.[2] Ana ing jamanNayakotamaLionel Jospin, dhèwèké njabat mantri keuangan lan ékonomi Prancis.[2] Dhèwèké sukses ngurangi defisit publik, kang ndadèkaké Prancis bisa gabung karoUni Éropah.[2] Dhèwèké mundur sawisé dituding nindakaké penggelapan properti l ana ing pungkasané dhèwèké dinyatake bersih.[2]