Doha diyasa mawa jenengAl-Bida nalika taun1850. Taun 1883, rakyat Qatar sangisoré pimpinanSheikh Qassim, ngalahaké wadyabalaKarajan Ottoman sajeroning sawijining peperangan ing kutha iki. Nalika taun1916, Doha dadi kutha krajan protektorat Britania ing Qatar. Pangèksporan lenga saka Doha diwiwiti taun1949. WangunanGovernment House kang saiki dianggep lambang kutha, dibukak taun1969. Nalika Qatar mardika taun1971, Doha tetep dadi kutha krajan.