Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Disneyland Paris

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Geyser wonten ing disneyland paris

Disneyland Paris utawi ingkang gadhah nama asliEuro Disney Resort, lajeng gantos malih dadosEuro Disneyland inggih punika salah satunggaling wujud kompleks kanggé hiburan ingkang gadhah temaDisney lan gadhah kalih papan kanggé dolanan, Disneyland Paris lanWalt Disney Studios ingkang mapan wonten ingMarne-la-Vallée, satunggaling kitha ingkang énggal wonten ing Paris ingkang mapan wonten ing laladan ndesaing sisihwétanParis,Perancis, ingkang papanipun kirang langkung tebihipun 32 km (20 mi) saking titik nolkilomèter ing punjering kitha Paris lan kathah dipunpanggeni déning masarakat Prancis mliginipun komuneChessy, Seine-et-Marne.[1] Manawi badhé tumujudhateng resort punika saged ngginakakenmobil lanRER.Stasiunsepur ingkang mapan wonten ing papan punika ugi dipunlayani déningTGV,Thalys, lanEurostar.

Disneyland Resort Paris inggih dipungadhahi lan dipunkelola déningEuro Disney S.C.A., satunggaling perusahaan ingkang gadhah saham kuasa 39,78% ingkang punika dipunadani déningThe Walt Disney Company, 10% dipunkuasani déning pamarèntahSaudi inggih punika wonten ing tanganipunPangeran Al Walid lan 50,22% dipunkuaosi déning perusahaan- perusahaan sanèsipun ingkang gadhah saham ing resort punika. Déné ingkang mandhegani resort punika inggih satunggaling direktur lan CEO sakingPhilippe Gas.

Sujarahipun

[besut |besut sumber]

Disneyland resort Paris dipunyasa ing taun1988 lan dipunbikak ing tanggal12 April1992 kanthi nama sepisananEuro Disney. Nanging ing wekdal sepisanan, cacahipun wisatawan ingkang dipunangkah badhé remen wisata wonten ing resort punika boten kados kasunyatanipun amargi wonten masalah ing babbudaya.[2]

Ing sasiOktober1994, namanipun lajeng dipun-gantos dadosDisneyland Paris. Akhiripun, kanthi wontenipun pérangan - pérangan ingkang dipunjangkepi lan dipunéwah - éwahi, resort punika lajeng saged pikantuk untung ing taun1995.Lajeng ing taun2002, dipunbikakWalt Disney Studios ingkang minangka taman dolanan Disney kaping sedasa. Resort punika badhé nambah terus jinising dolanan ingkang wonten ing lebetipun kalebet laladan Toon Studios wonten ingWalt Disney Studios ing taun2007 lan ugiTower of Terror ing taun2008.Disneyland Resort Paris inggih punika minangka resort ingkang kaping kalih sakingDisney resort ingkang dipunbikak ing sak njawiningAmérikah Sarékat, inggih nerasaken resort ingkang sepisanan ingkang dipunbikak inggih punikaTokyo Disney Resort ingkagn minangka resort sepisanan ingkang dipungadhahi lan dipunlampahaken déning perusahaan Disney. Punika inggih satunggaling subyek ingkang kontroversi ing sadangunipun wonten peiode negoisasi lan konstruksi ing taun1980 an lan ing purwakaning taun1990 an, nalika sapérangan tokoh ingkang misuwur ing Perancis ingkang nyuwantenaken oposisi lan protes ingkang dipunadani déning serikat buruh Perancis lan sanès - sanèsipun. Kadadosan punika ingkang dadosaken resort punika mundur sanget, déné sadaya asiling pendapatan saking taman hiburan, tiyang ingkang tilem ing hotèl, sadayanipun anjlog ing sak ngandhaping praduga. Lan ing sasiJuli1995 perusahaan punika saged pikantuk untung ingkang ageng ing sepisanan.

Tata letakipun

[besut |besut sumber]

Disneyland Resort Paris inggih minangka griya kanggé kalih taman dolanan, pitunghotèl, lan ugi satunggal kompleks kanggé blanja, restoran, lan ugi papan hiburan.Resort punika kapérang saking:[3]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. "Plan de la villeArchived 2011-07-25 at theWayback Machine.."Chessy, Seine-et-Marne. Retrieved on 3 November 2009.
  2. "2009 Theme Index. The Global Attractions Attendance Report, 2009"(PDF).[pranala mati permanèn]
  3. Situs Web Resmi Disneyland Resort Paris
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Disneyland_Paris&oldid=1642140"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp