Diplodocus ya iku salah sijining kéwan dinosaurus sing kalebu ing génus sauropod diplocid.[1] Dinosaurus iki urip nalika jamanJurasik pungkasan (sawatara 155-145 yuta taun kapengker).[1] Diplodocus karan sebut minangka kéwan sing awake paling dawa.[1]
Diplodocus iku salah sawijining kéwan raksasa kang duwé gulu dawa, buntut pecut, awak saka ngarep memburi dawané sawatara 90 kaki (27 m) kanthi gulu sing dawane 26 kaki (8 m) lan buntut sing dawané 45 kaki (14 m) nanging ukuran endhasé ora ana 2 kaki dawané.[2] Bolongan irungé ana ing sisih dhuwur endhas,lan untuné lancip-gedhé mirib pasak,nanging mung ana ing bagèan ngarep rahang.[2] Sikil ngarepé liwih cindhek ketimbang sikil ngarepé lan saben sikilé duwé driji cacah lima.[2] Saka wujud fosil sing tinemu bisa dikira-kira yèn Diplodocus duwé deretan eri kang ana ing gegeré.[2] Diplodocus dipercaya minangka kéwan darat paling dawa sing tau urip.[2]
Panganan sing sok dipangan Diplodocus ya iku tetuwuhan (Sauropodomorpha). Saliyané iku, Diplodocus uga sok mangangodhongkonifer,pakis,lumut, lantuwuhanrawa. Untuné diplodocus kecipta ketul-ketul. Mulané cara mangané ora dimamah, nanging langsung dileg. Saliyané iku Diplodocus seneng ngelegGastrolith,ya iku watu sing dieleg dning kéwan sing fungsine dienggo ngancurake godhong (panganan) sing ana ing njero wetengé.Saliyané iku,bageyanawake Diplodocus ding migunani nalika golèk pangan ya iku gulune sing dawa. Gulu dawane iku minangka lumebu ing sela-selane wit-witan nalika arep golèk mangan ing alas. Diplodocus kéwan sing kudu sok mangan ing saben wektune.
para ahli mbadhek yèn Diplodocus iku kéwan nomaden, sok pindhah-pindhah papan.
Fosil Diplodocus sepisanan tinemu déningSamuel Williston lanOtinel Marsh nalikataun1887. Diplodocus akèh tinemu ing kiwa-tengenéRocky mountain,Utah,Wyoming, lanColoradoAmérika.
Ngendhog.Endhogé Doplodocus diselehake sembarang enggon nalika Diplodocus lumaku-lumaku golet pangan ing alas.